bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Nahum 2
Nahum 2
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 3 →
1
Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe, nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehe kekuwatan!
2
Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan.
3
Tamenge para pahlawane warnane abang, para prajurite padha manganggo abang jingga, kretane abyor mengangah kaya geni suluh ing dina anggone karakit; sarta jaran-jaran padha katon goreh.
4
Kretane mbalap ana ing dalan, ana ing papan tenggar susul-sumusul, katone kaya obor, playune kaya kilat.
5
Wadya-bala kang pinunjul diangkatake, nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju, padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu, dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.
6
Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak, sarta kedhatone banjur geger.
7
Sang Prameswari digawa metu lan dilukari, lan para abdine wadon padha nggluruh kaya pambekuring manuk dara, klawan tebah-tebah dhadha.
8
Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang kang banyune mili metu. Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega!” nanging ora ana kang noleh.
9
Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas, awit tanpa wilangan simpenane raja-brana, prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.
10
Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.
11
Ana ing ngendi ta pandhelikane singa lan guwane singa-singa nom, panggonane singa klinteran, papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?
12
Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane.
13
Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 3 →
All chapters:
1
2
3