bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Song of Solomon 7
Song of Solomon 7
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 8 →
1
Dhuh putri kang luhur ing budi, iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku, solahing cethikmu kaya rerenggan, gegaweaning tangane seniman.
2
Pusermu pindha bundering bokor, kang tan lukak isi anggur cinampur. Padharanmu kaya gandum tinumpuk, kinubengan ing kembang bakung.
3
Payudaramu lir anak menjangan loro, kadya anak kidang kembar.
4
Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik.
5
Sirahmu kadi gunung Karmel, rambuting sirahmu wungu semu abang; sawijining ratu kecanthol ing klabangane.
6
Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu, heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.
7
Wanguning awakmu kadi wit kurma, lan payudaramu pindha dhompolane.
8
Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku, lan nyekel dhompolan-dhompolane. Payudaramu kaya dhompolan anggur, lan napasing irungmu lir woh apel.
9
Tembung-tembungmu manis kaya anggur!” Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren, luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!
10
Aku iki duweke kekasihku, kayungyunne tumuju marang aku.
11
Dhuh kekasih kawula, sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!
12
Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing pakebonan anggur ing wanci umun-umun, lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun, punapa sekaripun sampun mekar, wit-witanipun dlima punapa sampun sekar! Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken katresnan kawula dhumateng Paduka!
13
Gandanipun woh dhudhaim ngambar, sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca, ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik. Punika sampun kawula simpen kagem paduka, dhuh kekasih kawula!
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 8 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8