bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Zechariah 2
Zechariah 2
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 3 →
1
Aku banjur tumenga lan weruh, lah ana priya kang nyekel tali ukuran,
2
Aku banjur matur pitakon: “Panjenengan tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane: “Arep ngukur Yerusalem, kepengin weruh pira ambane lan pira dawane.”
3
Anadene malaekat kang ngandikan karo aku iku tumuli majeng, banjur ana malaekat liyane kang methukake,
4
iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone.
5
Sarta Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”
6
Ayo, ayo ta! Padha lumayua saka ing Tanah Lor, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --
7
Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!
8
Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, -- sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. --
9
“Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.
10
“He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
11
Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen pangeran Yehuwah kang ngutus aku.
12
Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.
13
He sakehe tumitah! Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 3 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14