bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Lamentations 5
Lamentations 5
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
1
Duh GUSTI, Panjenengan supaya éling apa sing wis pada kita alami, supaya Panjenengan gelem weruh lan mangertèni marang kahanané kita sing asor iki.
2
Negara panduman kita wis tiba marang bangsa liya, omah-omah kita marang wong mantya.
3
Kita pada dadi botyah lola, ora nduwé bapak, ibu kita pada kaya randa.
4
Enggèn kita ngombé banyu karo tuku, lan enggèn kita nganggo kayu karo mbayar.
5
Kita pada diuber-uber ing tyedakan, pada kesel nanging ora olèh ngasuh.
6
Kita wis pada ngatungké tangan marang wong Egipte, lan marang wong Asyur, supaya bisaa mangan warek.
7
Para leluhur kita sing pada nggawé dosa wis ora ana, kita sing nyangga dosané.
8
Réwang tukon pada mréntah kita, ora ana sing ngluwari kita sangka tangané.
9
Enggèn kita golèk pangan karo antyaman, awit sangka anané mungsuh ing ara-ara samun.
10
Kulit kita murup kaya prapèn, awit panasé nemen sing kaliren.
11
Para wong wadon ing Sion pada dirujak, mengkéné uga prawan-prawan ing kuta-kutané Yéhuda.
12
Para penggedéné pada digantung karo tangané mungsuh, para pinituwa ora diajèni.
13
Wong nom-noman pada dikongkon mikul gilingan, anak-anak lanang pada ambruk awit kabotan anggèné mikul kayu.
14
Para tuwa pada ora kumpulan menèh ing gapurané kuta, para nom-noman mandek anggèné main harep
15
Kebungahané ati kita wis ilang, jogètan kita pada malih dadi kasusahan.
16
Makuta wis tiba sangka sirah kita, oh memelas; awit kita wis pada nggawé dosa!
17
Ya awit sangka mengkono kuwi ati kita lara, ya awit sangka mengkono kuwi mripat kita terus dadi blawur.
18
Awit sangka gunung Sion sing wis ludes, asu-asu alasan pada pating kluyur ing kono.
19
Duh GUSTI, Panjenengan kuwi langgeng, dampar Panjenengan ora owah gingsir nganti turun-temurun.
20
Kenèng apa kok Panjenengan nganti ora éling marang kita kabèh ing sak lawasé, kenèng apa kok kita Panjenengan tégakaké nganti suwé?
21
Duh GUSTI, kita supaya pada Panjenengan balèkké marang Panjenengan, sak nalika pada bakal mratobat, kahanané kita supaya Panjenengan pulihké menèh kaya waktu mbiyèn.
22
Utawa apa Panjenengan bakal nampik marang kita? Apa Panjenengan nesu banget marang kita?
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
All chapters:
1
2
3
4
5