bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
1 Samuel 13
1 Samuel 13
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 14 →
1
Sang Prabu Saul yuswa semene taun, nalika jumeneng ratu, rong taun anggone ngereh Israel.
2
Sang Prabu Saul milih wong telung ewu saka antarane wong Israel, kang rong ewu ndherek Sang Prabu ana ing Mikhmas lan ana ing pagunungan Betel, dene kang sewu ndherek Pangeran Yonatan ing Gibea-Benyamin, nanging luwihe saka iku padha didhawuhi mulih menyang kemahe dhewe-dhewe.
3
Pangeran Yonatan ngasorake bala Filisti kang ngejegi Geba lan prakara iku keprungu dening bala Filisti. Awit saka iku Sang Prabu Saul dhawuh ngunekake kalasangka ing saindenging nagara amarga panggalihe: “Wong Ibrani kareben padha krungu.”
4
Mengkono iku sakehe wong Israel banjur padha krungu kabar, yen Sang Prabu Saul wis ngalahake bala Filisti kang ngejegi, lan awit saka iku wong Israel banjur disengiti dening bangsa Filisti. Wong Israel tumuli dikerigake, didhawuhi ndherek Sang Prabu Saul menyang ing Gilgal.
5
Anadene wong Filisti wis padha ngumpul nedya nglurugi perang nglawan bangsa Israel. Karetane perang telung ewu, bala jaranan nem ewu lan prajurit dharat kehe kaya wedhi ing pinggiring segara, nuli mangkat nglurug lan ngadegake kemah ana ing Mikhmas, ing sawetane Bet-Awen.
6
Bareng bala Israel weruh, yen kejepit -- amarga wong-wong pancen kesuk -- wong-wong nuli padha mlayu ndhelik ing guwa, lowahan watu, gunung parang, erong watu lan ing sumur.
7
Malah ana wong Ibrani kang nyabrang ing bengawan Yarden ngener tanah Gad lan Gilead, dene Sang Prabu Saul isih ana ing Gilgal, rakyat kabeh padha ndherek kalawan giris.
8
Panjenengane ngentosi pitung dina nganti tumeka ing wektu kang wus katemtokake dening Nabi Samuel. Nanging bareng Nabi Samuel ora rawuh ing Gilgal, balane wiwit padha buyar, ninggal panjenengane.
9
Mulane Sang Prabu Saul ngandika: “Kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku ajokna mrene marang ngarsaningsun.” Sang Prabu banjur saos kurban obaran.
10
Lagi bae rampung ngaturake kurban obaran, Nabi Samuel rawuh. Sang Prabu Saul methuk ngaturake pambagya wilujeng.
11
Nanging Nabi Samuel ngandika: “Panjenengan dalem nindakaken punapa?” Wangsulane Sang Prabu: “Sarehne kula ningali rakyat sami buyar nilar kula lan panjenengan boten rawuh ing wanci ingkang sampun katemtokaken, mangka tiyang Filisti sampun ngempal wonten ing Mikhmas,
12
kula lajeng manah: Sadhela engkas wong Filisti nempuh aku ing Gilgal, mangka durung nyuwun sihkadarmane Sang Yehuwah, milanipun kula lajeng kamipurun ngaturaken kurban obaran.”
13
Pangandikane Nabi Samuel marang Sang Prabu Saul: “Tindak dalem punika boten wicaksana. Panjenengan dalem boten nuhoni dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang dipun dhawuhaken dhateng panjenengan dalem; amargi pancenipun Sang Yehuwah badhe nyantosakaken karajan dalem tumrap tiyang Israel ing salami-laminipun.
14
Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”
15
Nabi Samuel banjur jumeneng lan tindak saka ing Gilgal menyang ing Gibea Benyamin. Sang Prabu Saul banjur nacahake bala kang ndherek panjenengane, tinemu watara nem atus kehe.
16
Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, sarta bala kang padha ndherek, mapan ana ing Gibea Benyamin, dene wong Filisti padha kekemah ana ing Mikhmas.
17
Nuli ana bala njarah-rayah telung golongan saka ing pakemahane wong Filisti; grombolan kang kapisan metu ing dalan kang menyang ing Ofra ing tlatah Syual.
18
Grombolan kang kapindho metu ing Bet-Horon lan grombolan kang sijine maneh metu ing dalan menyang ing tapel-wates kang madhep marang lebak Zeboim, penere pasamunan.
19
Ing sawarataning tanah Israel ora ana pandhe siji-sijia, amarga guneme wong Filisti: “Wong Ibrani aja ana kang bisa gawe pedhang utawa tumbak.”
20
Dadi wong Israel kabeh kepeksa marani wong Filisti, yen perlu ngasahake kejene, wadunge, kampake utawa arite, --
21
dene opahe tumrap kejen utawa wadung rong pratelon sekel, dene opahe ngasah pethel lan masang angkus sapretelon sekel. --
22
Temah nalika dinane peperangan mau ora ana kang duwe pedhang utawa tumbak, kang padha ndherek Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan. Mung Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang isih kagungan.
23
Lan wadyabala pangawale wong Filisti wus ana sapantha kang metu ing lowahane gunung ing Mikhmas.
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31