bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
1 Samuel 29
1 Samuel 29
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 28
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 30 →
1
Wong Filisti ngumpulake sakehe wadyabalane ana ing Afek, dene wong Israel pacak baris ana ing sacedhake sendhang ing Yizreel.
2
Nalika para raja-kutha ing Filisti padha tindak ngliwati golonganing bala atusan lan ewon lan nalika Sang Dawud kanthi balane uga baris ana ing burine ndherekake Sang Prabu Akhis,
3
para panggedhe Filisti mau padha ngandika: “Punapa perlunipun tiyang Ibrani punika?” Paring wangsulane Sang Prabu Akhis: “Punika rak Dawud, rencangipun Saul, ratu ing Israel, ingkang sampun sataun kalih taun punika tumut kula, boten pinanggih kalepatanipun babar pisan wiwit nalika mbalik ngantos dumugi sapriki?”
4
Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?
5
Punika rak Dawud ingkang kangge kekidungan klayan sesauran sinambi jejogedan: Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon nanging Dawud puluhan ewon.”
6
Sang Prabu Akhis banjur nimbali Sang Dawud, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, sira iku wong kang temen lan ingsun nganggep sira becik, yen sira mlebu metu ndherek ingsun ana ing satengahing wadyabala ing paprangan, wiwit sira ndherek marang ingsun nganti tumeka saprene, nanging sira ora disenengi para ratuning kutha-kutha.
7
Mulane sira muliha, mangkata kanthi slamet lan aja nindakake apa kang ala ana ing paningale para ratuning kuthane wong Filisti.”
8
Nanging Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Punapa ingkang dados pandamel kawula? Punapa kalepatanipun abdi dalem punika, wiwit kawula ndherek panjenengan dalem, ngantos ing dinten punika, dene ngantos boten dipun parengaken ndherek panjenengan dalem perang nglawan mengsahipun gusti kawula Sang Prabu?”
9
Paring wangsulane Sang Prabu Akhis marang Sang Dawud: “Ingsun ngreti, yen sira iku sunsenengi kaya dene utusane Gusti Allah; mung bae para senapatine wong Filisti wis padha ngandika: Wong iku ora kena melu perang karo kita.
10
Dadine sesuk esuk umun-umun tangia dalah wong-wonge gustinira kang tekane bareng karo sira; tangia kang esuk, yen wis padhang nuli budhala!”
11
Esuk umun-umun Sang Dawud wungu dalah para wadyabalane, banjur padha budhal bali menyang ing tanahe wong Filisti, dene wong Filisti padha nglurug menyang ing Yizreel.
← Chapter 28
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 30 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31