bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Exodus 26
Exodus 26
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 25
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 27 →
1
“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
2
Dawane tendha siji wolu likur asta, ambane patang asta, tendha iku ukurane kabeh kudu padha.
3
Tendha lima disambung-sambung dadi siji, kang lima maneh iya disambung-sambung dadi siji.
4
Lan sira gawea tali-tali kolongan wungu tuwa kaetrapna ing pinggire tendha kang siji, mangkono uga tumrap ing pinggire tendha sijine.
5
Kolongan seket iji sira etrapna ing tendha kang siji lan kolongan kang seket iji maneh etrapna ing pungkasane tendha sijine, adhep-adhepan siji lan sijine.
6
Sarta maneh sira gawea cantholan mas seket iji, tendha-tendhane padha gandhengana siji lan sijine nganggo canthelan mau, supaya dadia tarub siji.
7
Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.
8
Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta; tendha sawelas iku ukurane kudu padha.
9
Tendha kang lima iku kasambunga dhewe dadi siji, lan tendha kang nem iya dadi siji dhewe, tendha kang nomer nem sira lempita dadi loro ana ing sisih ngarepe tarub mau.
10
Nuli sira gawea kolongan seket iji kaetrapna ing pinggire tendha ing pungkasane, lan kolongan seket iji maneh ing pinggire tendha sijine.
11
Mangkono uga sira gawea canthelan tembaga seket iji, canthelan iku kaolehna ing kolongan mau, tendhane banjur kasambunga dadi siji.
12
Mungguh bagean kang turah ing tendha mau, kang satengah tlakupna ana ing burine Tarub Suci,
13
luwihane saasta ing sisih kene lan saasta ing sisih kana iku tlakupna ana ing iringane Tarub Suci ing kiwa lan tengen kagawe aling-aling.
14
Sarta maneh tarub iku iya sira gawekna payon lulang wedhus gembel lanang dipulas abang, lan sadhuwure iku payon lulang dhuyung.
15
Tarub Suci iku sira gawekna blabag-blabag kayu sittah ngadeg,
16
blabag siji dawane sapuluh asta lan saben blabag ambane karotengah asta.
17
Saben blabag anaa puruse loro jejer, mangkono anggonira gawe sakehe blabage Tarub Suci mau.
18
Anggonira gawe blabage Tarug Suci iku rong puluh ana ing iringan sisih kidul,
19
lan sira gawea ompak selaka patang puluh iji kanggo ing ngisore blabag rong puluh iji iku, blabag siji ompake loro kanggo puruse loro mau, lan blabag liyane ompake iya ngloro-ngloro kanggo puruse loro.
20
Ing iringane Tarub Suci sijine kang sisih lor iya gawekna blabag rong puluh iji,
21
karo ompake salaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan blabag liyane ompake iya padha ngloro.
22
Kanggo ing burine Tarub Suci, sisih kulon, iku gawekna blabag nem iji,
23
karomaneh sira gawea blabag rong iji kanggo pojoke Tarub Suci ing sisih buri.
24
Blabag loro iku kudu kembar, puruse ing sisih ngisor, mangkono uga ing sisih dhuwur, tekan ing gelangan kang kapisan, mangkono kaanane karo pisan, padha minangka pojokane loro.
25
Dadi kabeh kudu ana blabag wolung iji karo ompake salaka, gunggung nembelas; blabag siji ompake loro lan sabanjure saben blabag ompake loro.
26
Sira uga gawea kendhit kayu sittah, limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci kang sasisih,
27
lan kendhit limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci ing sisihe kang kapindho, apadene kendhit limang iji kanggo perangan buri sisih kulon.
28
Sarta kendhit limang iji kanggo perangan tengah, kendhit iku kaetrapna ana ing satengahing blabag-blabag saka ing pojok kene takan ing pojok kana.
29
Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.
30
Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.
31
Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun.
32
Geber iku kagantunga ing saka kayu sittah papat kang kalapis emas, lan ana canthelane mas, tumumpang ompak salaka papat.
33
Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.
34
Tutup pangruwatan iku sira tumpangna ing pethine angger-angger ana ing sajroning pasucen pinunjul.
35
Mejane sira prenahna ing sangarepe geber, lan padamarane adhep-adhepan karo mejane ana ing Tarub Suci sisih kidul, dene mejane sira prenahna ana ing sisih lor.
36
Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.
37
Warana iku gawekna saka kayu sittah limang iji, padha kalapisana mas, lan ana canthelane mas lan sira gawekna ompak tembaga cithakan limang iji.”
← Chapter 25
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 27 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40