bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Exodus 37
Exodus 37
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 38 →
1
Bezaleel nuli gawe pethi iku, kang kagawe kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta, lan dhuwure iya karotengah asta,
2
banjur diblongsong ing mas murni ing jero lan ing jabane, sarta dietrapi plisir mas mubeng temu gelang.
3
Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.
4
Sarta maneh gawe pikulan kayu sittah padha kablongsong ing mas,
5
pikulan iku dislobokake ing gelangan kang ana ing iringane pethi, kagawe ngusung.
6
Nuli iya gawe tutup pangruwatan kang kagawe mas murni, dawane loro satengah asta lan ambane karotengah asta,
7
sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.
8
Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.
9
Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.
10
Bezaleel mau iya gawe meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta, dhuwure karotengah asta,
11
diblongsong ing mas murni lan dietrapi plisir mas mubeng.
12
Karodene diwenehi wengku mubeng temu gelang ambane satebah, lan wengku mau iya dietrapi plisir mas mubeng.
13
Sarta digawekake gelangan mas cor-coran patang iji, gelangan iku padha dipasang ing saben pojok, kaprenah ing sikile papat pisan.
14
Gelangane padha mepet ing wengku, gelangan iku minangka slobokane pikulan kang kagawe ngusung meja mau.
15
Pikulane iku kayu sittah kang kablongsong ing mas, kagawe ngusung meja iku.
16
Lan iya gawe piranti kang tumumpang ing meja iku, yaiku pinggan lan piring, tuwung lan kendhi, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh kang kagawe mas murni.
17
Karomaneh iya gawe padamaran mas murni, padamaran iku kang digawe mas gemblengan, iya dhasare iya sikilane, iya adeg-adege lan slagane, kudhupe lan kembange, kabeh padha kagawe irasan.
18
Ana pange nem metu saka ing lambunge, pange padamaran mau telu saka ing sisih kenene, lan telu saka ing sisih kanane lambung.
19
Siji-sijine pang ana rerekane salaga kembang saked telung iji karo rerekan kudhup lan kembang; dadi pange nem kang metu saka padamaran iku iya padha kaya mangkono kabeh.
20
Dene adeg-adege padamaran iku dhewe iya ana slagane kembang saked patang iji karo kudhup lan kembang.
21
Ana kudhup siji kaprenah ing sangisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamaran iku, ana siji ing sangisore pang sajodho kang kapindho, ana siji ing sangisore pang sajodho kang katelu; kaya mangkono panggawene pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran.
22
Kudhup-kudhup lan pang-pang mau padha kagawe iras-irasan karo padamarane, kabeh kagawe saka mas murni gemblengan.
23
Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.
24
Mas murni satalenta kang dianggo gawe padamaran iku dalah sapirantine kabeh.
25
Bezaleel iya gawe misbyah padupan, kayu sittah kang digawe, dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi, nanging dhuwure rong asta, sungu-sungune iras-irasan karo misbyahe.
26
Iku diblongsong ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya lambunge mubeng lan sungu-sungune; kabeh dietrapi plisir mas mubeng.
27
Karodene iya dipasangi gelangan mas loro kaprenah sangisore plisir ana ing iringan kiwa tengen ing sisih loro-lorone, kanggo slobokan pikulane kang kagawe ngusung misbyah iku.
28
Pikulane iku kang kagawe kayu sittah lan kablongsong ing mas.
29
Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 38 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40