bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Psalms 106
Psalms 106
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 105
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 107 →
1
Haléluya! Pada ngluhurna GUSTI, awit Panjenengané kuwi betyik! katrésnan-Né kuwi langgeng sak lawasé.
2
Sapa sing bisa nyritakké penggawéané GUSTI sing ngidap-idapi, lan ngabarké kabèh pujian marang Panjenengané?
3
Rahayu wong sing netepi angger-angger, sing nindakké keadilan tekan selawas-lawasé.
4
Duh GUSTI, supaya Panjenengan élingi kula, awit sangka kawelasan-Mu marang umat Panjenengan, Panjenengan supaya nggatèkké kula, awit keslametan sangka Panjenengan,
5
supaya kula bisaa weruh kabekjané para pilihan Panjenengan, supaya kula mèlu bungah ing njeruhné kebungahané umat Panjenengan, lan supaya bisa ngétokké panggunggung bareng karo umat duwèké Panjenengan piyambak.
6
Kita karo para leluhur kita, wis pada nandangi dosa, kita wis pada kesalahan lan nandangi duraka.
7
Para leluhur kita waktu ing negara Egipte, pada ora ngerti marang mujijaté Panjenengan, pada ora éling marang gedéné kawelasan Panjenengan, malah pada nglawan marang sing Mahaluhur, ing pinggiré segara Abang.
8
Nanging pada ditulungi slamet karo Gusti Allah awit sangka asma-Né, supaya pada ngerti marang kekuwatan-Né.
9
Segara Abang dinesoni nganti dadi asat, para leluhur kita terus pada dilakokké ing segara gedé, kaya liwat ing ara-ara samun.
10
Kaya mengkono enggoné pada diluwari sangka tangané wong sing sengit, lan pada diluwari sangka tangané mungsuhé.
11
Mungsuhé pada ketutupan karo banyu, ora ana sing kèri siji-sijia.
12
Waktu kuwi para leluhur Panjenengan terus pada ngandel marang pitutur-Mu, lan ngidungké pamuji marang Panjenengané.
13
Nanging terus gelis lali marang penggawéan-Né, lan ora ngentèni marang pituduhé;
14
pada ngumbar kekarepané ing segara wedi, lan njajal marang Gusti Allah ing ara-ara samun.
15
Pada diuja kekarepané, nanging awaké uga terus diganjar lelara nglayung.
16
Sakwisé mengkono pada mèri marang Moses ing tarupé, lan marang imam Harun, abdiné GUSTI sing sutyi.
17
Bumi terus bengkah nguntal Datan, lan nutupi grombolané Abiram.
18
Ana geni sing mulat-mulat ing tengahé grombolan mau, lan urupé nggosongké para wong sing duraka kuwi.
19
Ing gunung Horeb pada nggawé retya pedèt, lan sujut marang retya tyitakan;
20
pada ngijoli kamulyan-Né karo ujut sapi lanang sing mangan suket.
21
Pada lali marang Gusti Allah Juruslameté, sing wis nindakké perkara-perkara sing gedé ing negara Egipte;
22
penggawéan-penggawéan sing nggumunaké ing tanahé Ham, penggawéan-penggawéan sing ngidap-idapi ing pinggiré segara Abang.
23
Mulané Gusti ngomong bakal matèni para leluhur kita, yèn ora Moses pilihan-Né, nengahi ing ngarepé Gusti, nyirep nesu-Né nganti Panjenengané ora sida ngentèkké para leluhur kita.
24
Para leluhur kita pada ngemohi negara sing apik kuwi, pada ora ngandel marang pangandika-Né,
25
malah pada pating kedumel ing tarupé, lan ora ngrungokké marang swarané GUSTI.
26
Mulané Gusti terus ngatyungké tangan-Né marang para leluhur kita, arep pada dipatèni ing ara-ara samun,
27
lan turunané bakal pada dibuyaraké ing antarané para bangsa, lan disebar ing negara-negara.
28
Uga pada rumaket marang Baal péor, lan mangan kurban-kurban sing dibelèh kanggo wong mati.
29
Dadi pada nggawé nesuné atiné Gusti awit sangka penggawéné, mulané pada katekan bebendu.
30
Pinéhas terus tandang nindakké pengadilan, nganti bebenduné terus sirep.
31
Bab kuwi kepitung dadi penggawé betyik turun-temurun ing sak lawas-lawasé.
32
Ing sak tyedaké banyu ing Mériba, para leluhur kita pada nggawé nesuné Gusti, Moses terus katekan karo kangèlan, awit sangka para leluhur kita,
33
awit para leluhur kita pada njalari nesuné Moses, nganti Piyambaké ketrutyut enggoné ngomong.
34
Para bangsa pada ora dientèkké, kaya sing wis dipréntahké karo GUSTI marang para leluhuré,
35
nanging pada dadi siji karo para bangsa mau, lan niru pertingkahé,
36
brahalané pada disembah, nganti dadi jiret kanggo para leluhuré.
37
Pada ngurbanké anak-anaké lanang, lan anak-anaké wadon marang para roh-roh ala,
38
dadi pada ngutahké getihé wong sing ora salah, ya kuwi getihé anaké lanang lan wadon, sing pada dibelèh dadi sajèn marang brahalané wong Kanaan, nganti negara kono terus reget awit sangka enggoné utang getih mau.
39
Pada najisaké awaké déwé karo pertingkahé kuwi, lan pada laku bédang ing sak njeruhné penggawéné.
40
Mulané nesuné GUSTI mulat-mulat marang umaté, lan serik marang bangsa duwèké piyambak kuwi,
41
terus pada dipasrahké ing tangané bangsa liyané, terus ditelukaké karo wong sing pada nyengiti.
42
Pada ditindes-tindes karo mungsuhé, terus teluk marang pangwasané.
43
Wis bola-bali enggoné pada dipitulungi karo Gusti Allah, nanging pada nglawan waé karo rantyaman-rantyaman-Né, pada kedelep ing sak njeruhné kesalahané.
44
Nanging Gusti Allah weruh kangèlané, waktu krungu sambaté.
45
Panjenengané éling marang perjanjiané awit sangka para leluhur kita, nganti getun awit sangka gedéné katrésnan-Né.
46
Pada dililani olèh kawelasan sangka kabèh wong sing pada nyekel.
47
Duh GUSTI, Gusti Allah kita, kita supaya Panjenengan slametké, kita pada klumpukna sangka antarané para bangsa, supaya kita kabèh pada ngluhurké marang asma Panjenengan sing sutyi, lan pada gedé ing ati karo pamuji marang Panjenengan.
48
Pinujia GUSTI, Gusti Allahé Israèl, sangka kelanggengan tekan ing kelanggengan lan umaté kabèh pada ngutyapké: “Amin”. Haléluya!
← Chapter 105
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 107 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66
67
68
69
70
71
72
73
74
75
76
77
78
79
80
81
82
83
84
85
86
87
88
89
90
91
92
93
94
95
96
97
98
99
100
101
102
103
104
105
106
107
108
109
110
111
112
113
114
115
116
117
118
119
120
121
122
123
124
125
126
127
128
129
130
131
132
133
134
135
136
137
138
139
140
141
142
143
144
145
146
147
148
149
150