bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Psalms 18
Psalms 18
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 19 →
1
Kanggo juru penyanyi. Masmur abdiné GUSTI, ya kuwi Daved sing masrahaké tembung kidung iki marang GUSTI, waktu wis ditulungi karo GUSTI sangka tyengkeremané kabèh mungsuhé lan sangka tangané Saul.
2
Semauré mengkéné: “Kula trésna marang Panjenengan, duh GUSTI sing dadi karosan kula!”
3
Duh GUSTI, gunung watu kula, bèntèng kula lan sing ngluwari kula, Gusti Allah kula sing dadi gunung watuku pangungsèn kula, tamèngé kula, sunguné keslametan kula, kuta bèntèng kula!
4
Pinujia GUSTI: mengkono tembungku karo banter; nganti aku diowalaké sangka mungsuhku.
5
Aku ketalènan karo taliné pati, lan kena karo banjiré karusakan.
6
Aku digubet karo jireté ndonyané wong mati, jireté pati ngadang-adangi aku.
7
Sak njeruhné kangèlanku aku nyebut marang GUSTI; lan sambat marang Gusti Allahku njaluk tulung. Panjenengané terus ngrungokké swaraku sangka kratoné, lan sambatku njaluk tulung tekan ing kupingé.
8
Ing kono bumi terus horek gonjang-ganjing, lan dasar-dasaré gunung pada horek lan gemeter, awit sangka mulat-mulaté bebenduné.
9
Kebul kemebul sangka irungé, sangka tutuké metu geni sing ngobong, karo mawa murup metu sangka Panjenengané.
10
Langit ditiungké terus medun, mendung peteng ing sak ngisoré sikilé.
11
Panjenengané numpak kerup, terus mabur lan ngléyang ing swiwiné angin.
12
Pepeteng ing sak ubengé didadèkké delikané, sing dadi tarupé: ya kuwi udan sing peteng lan mendung sing kandel.
13
Awit sangka padang sing semlorot ing ngarepé mendungé pada ilang bareng karo udan ès lan mawa murup.
14
GUSTI terus gembluduk ing langit, sing Mahaluhur mbengokké swarané.
15
Jemparing-jemparingé dilepaské nganti mungsuhé pada buyar, nlorongké bledèk, mungsuhé pada bingung.
16
Dasar-dasaré segara terus pada kétok, lan dasaré ndonya pada kétok awit sangka bebendu Panjenengan, duh GUSTI, lan awit sangka banteré abab sangka irung Panjenengan.
17
Panjenengané terus ngelungké tangané sangka nduwur, aku terus dityekel, lan dietokké sangka banjir gedé.
18
Aku utyul sangka mungsuhku sing rosa lan sangka wong-wong sing pada sengit marang aku, awit kuwi kekuwatané ngungkuli aku.
19
Kuwi wis pada nyegat aku ing waktu aku ijik tyilaka, nanging GUSTI dadi sèndènanku;
20
Panjenengané nuntun aku metu menyang panggonan sing jembar, aku diluwari awit seneng marang aku.
21
GUSTI mbales aku miturut karo kebeneranku, mbales aku miturut resiké tanganku,
22
awit aku ngantepi enggonku mlaku ing dalané GUSTI, lan aku ora nandangi duraka marang Gusti Allahku.
23
Awit aku nggatèkké kabèh angger-anggeré lan pernatané ora tak lalèkké,
24
sak tindak-tandukku tanpa tyiri ing ngarepé, lan aku tansah ngedohi kesalahan.
25
Mulané aku diwales GUSTI miturut kebeneranku, ya miturut resiké tanganku ing ngarepé mripaté.
26
Kanggo wong sing setia Panjenengan uga nandangi setia, kanggo wong sing tanpa tyiri Panjenengan uga nandangi tanpa tyiri.
27
Kanggo wong sing sutyi, Panjenengan ya nandangi sutyi, nanging kanggo wong sing béngkong Panjenengan ya nandangi mbulat-mbulet.
28
Awit bangsa sing ditindes Panjenengan slametké, nanging mripat sing nyawang karo sombong Panjenengan asoraké.
29
Awit Panjenengan sing nggawé murupé dimar kula; GUSTI, Gusti Allah kula sing madangi pepeteng kula.
30
Awit karo Panjenengan kula wani ngadepi grombolan, karo Gusti Allah kula, kula wani nglumpati témbok.
31
Nanging Gusti Allah kuwi dalané sampurna; janjiné GUSTI kuwi murni; Gusti Allah dadi tamèngé kanggo kabèh wong sing ndelik marang Panjenengané.
32
Awit sapa ta sing dadi Gusti Allah kejaba mung GUSTI, lan sapa sing dadi gunung watuku kejaba Gusti Allah kita?
33
Gusti Allah, ya Panjenengané kuwi sing nyabuki aku karo karosan, sing ngratakké dalanku;
34
sing ndadèkké sikilku kaya sikilé menjangan lan ngedekké aku ing pegunungan;
35
sing mulangi perang tanganku, nganti lengenku bisa mentèng gendéwa tembaga.
36
Panjenengan ngekèki tamèngé keslametan marang kula, tangan tengen Panjenengan nyangga kula, kawelasané Panjenengan nggawé luhuré kula.
37
Panjenengan ngekèki panggonan sing jembar marang jangkah kula, nganti polok kula ora nganti kesléo.
38
Mungsuh kula pada kula oyak, nganti ketyekel, lan kula ora pisan-pisan mbalik sak durungé entèk kabèh;
39
ya kabèh pada kula gebuki nganti ora bisa tangi menèh, pada ambruk ing ngisoré tlapakané kula.
40
Kula wis Panjenengan sabuki karo karosan kanggo perang; sing pada nglawan kula kuwi wis Panjenengan telukké ing ngisoré pangwasa kula.
41
Mungsuh kula wis Panjenengan gawé pada mlayu sangka ngarep kula, lan para wong sing pada sengit marang kula pada kula tumpes.
42
Kabèh pada sambat njaluk tulung, nanging ora ana sing mitulungi kabèh pada sambat marang GUSTI, nanging ora disauri.
43
Kabèh pada kula ejur-ejur nganti lembut kaya lebu sing kabur karo angin, kula buwang kaya blétokan ing dalan.
44
Panjenengan wis ngutyuli kula sangka bantahané rayat; kula Panjenengan angkat dadi penggedéné para bangsa; bangsa sing ora kenal karo kula kuwi pada ngabdi marang kula;
45
kupingé ijik krungu kula waé, terus pada mbangun miturut marang kula; wong mantya pada sujut lan ngrapèk-ngrapèk marang kula.
46
Wong-wong mantya pada nglumpuk tanpa putyèt, lan pada metu ninggalké bèntèng-bèntèngé karo gemeter.
47
GUSTI urip! Pinujia Gunung watuku, diluhurna Gusti Allah, Juruslametku.
48
Gusti Allah sing mbales aku, lan wis menangké para bangsa sak ngisoré pangwasaku,
49
sing wis ngluwari aku sangka mungsuhku. Panjenengan malah wis ngluhurké kula ngungkuli para wong sing nglawan kula; kula Panjenengan tulungi sangka wong sing duraka.
50
Mulané duh GUSTI, kula bakal ngidungké maturkesuwun ing antarané para bangsa, asma Panjenengan bakal kula luhurké karo kidung masmur.
51
Panjenengané mbales keslametan sing gedé marang ratu sing diangkat, lan ngekèki kawelasan marang sing dijebatani, ya kuwi marang Daved lan turunané nganti selawasé.
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66
67
68
69
70
71
72
73
74
75
76
77
78
79
80
81
82
83
84
85
86
87
88
89
90
91
92
93
94
95
96
97
98
99
100
101
102
103
104
105
106
107
108
109
110
111
112
113
114
115
116
117
118
119
120
121
122
123
124
125
126
127
128
129
130
131
132
133
134
135
136
137
138
139
140
141
142
143
144
145
146
147
148
149
150