bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Numbers 2
Numbers 2
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 3 →
1
Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:
2
“Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.
3
Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.
4
Balane kang kacacahake iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.
5
Sandhinge iku kang makuwon taler Isakhar, pemimpine bani Isakhar yaiku: Netaneel bin Zuar.
6
Balane kang kacacahake ana seket papat ewu patang atus.
7
Tumuli taler Zebulon, pemimpine bani Zebulon yaiku: Eliab bin Helon.
8
Balane kang kacacahake ana seket pitu ewu patang atus.
9
Gunggunge bala kang kacacahake ana ing tarube Yehuda, miturut golongane ana satus wolung puluh nem ewu patang atus. Iku samangsa budhal anaa ing ngarep dhewe.
10
Panji-panjine taler Ruben ana ing sisih kidul, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Ruben yaiku: Elizur bin Syedeur.
11
Balane kang kacacahake ana patang puluh nem ewu limang atus.
12
Kang lereb ana ing sandhinge yaiku taler Simeon, kang dadi pemimpine bani Simeon yaiku: Selumiel bin Zurisyadai.
13
Balane kang kacacahake ana seket sanga ewu telung atus.
14
Nuli taler Gad; kang dadi pemimpine taler Gad yaiku: Elyasaf bin Rehuel.
15
Balane kang kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus seket.
16
Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Ruben, miturut golongane ana satus seket siji ewu patang atus seket. Iku budhale nomer loro.
17
Sawuse iku banjur disambung Tarub Pasewakan karo balane bani Lewi ana ing tengah-tengahe bala liya-liyane. Kaya manawa mbeneri lereb, iya mangkono uga samangsa budhalan, siji-sijine ana ing panggonane dhewe-dhewe miturut panji-panjine.
18
Kang ana ing sisih kulon iku panji-panjine taler Efraim, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Efraim yaiku: Elisama bin Amihud.
19
Balane kang kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.
20
Kang ana ing sandhinge taler Manasye, kang dadi pemimpine bani Manasye yaiku: Gamaliel bin Pedazur.
21
Balane kang kacacahake iku ana telung puluh loro ewu rong atus.
22
Tumuli taler Benyamin, kang dadi pemimpine taler Benyamin yaiku Abidan bin Gideoni.
23
Balane kang kacacahake iku ana telung puluh lima ewu patang atus.
24
Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.
25
Kang ana ing sisih lor panji-panjine taler Dhan, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Dhan yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.
26
Balane kang kacacahake iku ana suwidak loro ewu pitung atus.
27
Kang lereb ing sacedhake iku taler Asyer, kang dadi pemimpine taler Asyer yaiku: Pagiel bin Okhran.
28
Balane kang kacacahake iku ana patang puluh siji ewu limang atus.
29
Banjur taler Naftali, kang dadi pemimpine taler Naftali yaiku: Ahira bin Enan.
30
Balane kang kacacahake iku ana seket telu ewu patang atus.
31
Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Dhan ana satus seket pitu ewu nem atus. Iku budhale anaa ing buri dhewe, miturut panji-panjine.”
32
Samono mau gunggunge wong Israel kang padha kacacahake miturut taler-talere. Sakehe kang kacacahake ana ing tarub miturut golongane kabeh ana nem atus telu ewu limang atus seket.
33
Nanging wong Lewi ora kalebu kacacahake bareng karo wong Israel, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
34
Wong Israel padha nglakoni apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa; kaya mangkono anggone padha makuwon miturut panji-panjine, lan uga anggone padha budhalan, siji-sijine miturut gotrahe lan talere. edit 1: fajar 21 des'00
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 3 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36