bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Numbers 24
Numbers 24
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 25 →
1
Bareng Bileam ngreti yen anggone mberkahi marang Israel iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, mulane wus ora nindakake panenungan maneh kaya kang dhisik-dhisik, nanging tumuli madhep marang pasamunan.
2
Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.
3
Tumuli medharake kidunge, pangucape: “Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor, pangucape wong kang kaawasake mripate.
4
Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa kambi lumah-lumah, nanging kabuka mripate.
5
Saiba endahe tarub-tarubmu, he Yakub, iya papan padununganmu, he Israel.
6
Kayadene lebak kang gumelar enggone mratani, kaya patamanan ing sapinggiring kali, kaya wit garu kang katanem dening Pangeran Yehuwah, kaya wit eres ing pinggiring banyu.
7
Timbane luber banyune, lan winihe kasiraman ing banyu akeh, kaluhurane rajane bakal ngungkuli Agag, lan karajane bakal kamulyakake.
8
Gusti Allah kang ngentasake saka ing tanah Mesir, iku tumrap bani Israel kayadene sungu kakuwataning bantheng, bangsa kang dadi mungsuhe padha kamangsa nganti entek, lan balunge padha karemuk, sarta bakal padha ketaman ing panahe nganti tembus.
9
Lagi mendhak njerum kaya singa lanang, iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake? Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah, lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”
10
Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;
11
saiki, kowe minggata menyang panggonanmu; aku wus janji marang kowe, yen kowe masthi dakganjar akeh banget, nanging Pangeran Yehuwah kang malangi ganjaranmu iku.”
12
Ature Bileam marang Sang Balak: “Utusan panjenengan dalem rak sampun kawula sanjangi, wosipun:
13
Sanajan Sang Prabu Balak maringna kedhatone kebak emas lan salaka pisan, ewadene aku ora wani nerak kang dadi dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah, dadia bab nglakoni kang becik utawa kang ala saka atiku dhewe; endi kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, yaiku kang bakal dakucapake.
14
Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”
15
Bileam tumuli medharake kidunge, mangkene: “Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor, pangucape wong kang kaawasake mripate.
16
Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, lan kang nampani kawruh ing ngatase Kang Mahaluhur, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa, kambi lumah-lumah, nanging klawan kabuka mripate.
17
Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.
18
Tanah Edom bakal dadi reh-rehane, lan Seir bakal dadi reh-rehane para mungsuhe iku. Nanging Israel bakal nindakake prakara-prakara kang nelakake gagah prakosane.
19
Sarta saka Yakub bakal ana wong kang kwasa, kang bakal numpes para kang padha oncat saka ing kutha.”
20
Bareng ndeleng wong Amalek, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene: “Wiwitane para bangsa iku Amalek, nanging wekasane bakal ngalami rusak.”
21
Bareng ndeleng wong Kain, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene: “Santosa papan padununganmu, susuhmu dumunung ana ing parang.
22
Nanging wong Keni bakal tumpes, ora antara suwe kowe bakal diboyong dening Asyur.”
23
Dheweke uga medharake kidung mangkene: “Adhuh, cilaka! Sapa kang bisa urip, samangsa Gusti Allah nindakake iku mau?
24
Nanging bakal ana prau-prau saka pasisire wong Kitim, kang bakal padha nindhes Asyur lan Heber, mangka iku iya bakal nemahi karusakan uga.”
25
Sawuse mangkono Bileam banjur ngadeg, mangkat mulih menyang ing panggonane; sarta Sang Prabu Balak iya tindak uga. edit 1: fajar '01
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 25 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36