bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Numbers 25
Numbers 25
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 26 →
1
Nalika bangsa Israel lagi padha lereb ana ing Sitim, bangsa iku banjur wiwit laku jina karo para wong wadon Moab.
2
Wong wadon mau padha ngajak wong Israel ngepung kurban sembelehan kanggo allahe, bangsa mau banjur melu mangan kurban iku lan sujud marang allahe wong-wong iku.
3
Nalika Israel gegandhengan karo Baal-Peor, bebendune Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang Israel.
4
Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”
5
Nabi Musa banjur ngandika marang para hakim Israel: “Kowe padha matenana wong-wongmu kang wus gegandhengan karo Baal-Peor.”
6
Kapinujon ana sawijining wong Israel kang teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang satengahe para sadulure, kapirsanan dening Nabi Musa lan kaweruhan dening sagolongane wong Israel kabeh kang lagi padha nangis ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
7
Bareng Pinehas bin Eleazar putrane Imam Harun weruh lelakon iku, sanalika banjur ngadeg saka ing satengahe pakumpulan karo nyekel tumbak,
8
nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.
9
Anadene mungguh wong kang wus padha mati kena ing wewelak iku cacahe ana patlikur ewu.
10
Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
11
“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.
12
Mulane kabeh padha sira kandhanana: Lah Pinehas iku Sunparingi prajanjian kaslametan kagunganingSun,
13
minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”
14
Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,
15
lan wong wadon bangsa Midian kang dipateni iku jenenge Kozbi anake Zur; Zur iku sawijining panggedhene golongan -- yaiku kulawangsa -- ing Midian.
16
Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:
17
“Wong Midian iku padha sira lurugana lan padha sira patenana,
18
marga wus padha nglawan marang sira sarana akal kang dirancang tumrap marang sira, ing bab Peor lan ing bab Kozbi, sadulure wadon, yaiku anake wadon sawijining panggedhene bangsa Midian; Kozbi iku dipateni mbarengi wewelak kang jalaran saka Peor iku.” edit 1: fajar '01
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 26 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36