bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Psalms 106
Psalms 106
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 105
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 107 →
1
Haleluya! Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.
2
Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih, tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?
3
Rahayu wong kang netepi angger-angger, kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.
4
Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka, Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,
5
supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka, supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka, sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.
6
Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.
7
Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir, sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka, sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka, malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur, wonten ing pinggiripun seganten Teberau.
8
Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane, supaya padha sumurupa marang kakiyatane.
9
Segara Teberau didukani temah dadi asat, para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung, kayadene liwat ing ara-ara samun.
10
Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.
11
Mungsuhe padha kasasaban ing banyu, ora ana kang kari siji-sijia.
12
Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane, sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.
13
Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane, lan ora nyrantekake marang pitedahe;
14
padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi, sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.
15
Padha diuja kekarepane, nanging awake uga banjur diganjar lelara nglayung.
16
Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan, tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.
17
Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan, sarta ngingkemi grombolane Abiram.
18
Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau, lan urube nggesengake para wong kang duraka iku.
19
Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet, sarta sujud marang reca cithakan;
20
padha ngijolake Kamulyane kalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket.
21
Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane, kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;
22
pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham, pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.
23
Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.
24
Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku, padha ora ngandel marang pangandikane,
25
malah padha pating kedumel ana ing kemahe, lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,
26
mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur, arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,
27
sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa, lan disebar menyang ing negara-negara.
28
Apadene padha rumaket marang Baal-Peor, sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.
29
Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau, mulane padha katempuh ing wewelak.
30
Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan, temah wewelak mau banjur sirep.
31
Bab iku kapetung dadi jasane turun-tumurun ing salawas-lawase.
32
Ana ing sacedhake banyu ing Meriba, para leluhur padha gawe dukaning Allah, satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan, marga saka para leluhur mau,
33
amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa, nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika.
34
Para bangsa padha ora dibengkas, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,
35
nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau, lan niru pratingkahe,
36
brahalane padha disembah, temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.
37
Padha ngurbanake anak-anake lanang, lan anak-anake wadon marang para roh reged,
38
dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, iya iku getihe anake lanang lan wadon, kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan, temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.
39
Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku, sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.
40
Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate, sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,
41
banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan, satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.
42
Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe, satemah teluk marang ing pangwasane.
43
Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah, nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane, padha kerem ing sajroning kaluputane.
44
Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane, nalika miyarsa pasambate.
45
Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau, temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.
46
Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan.
47
Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari, sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci, sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.
48
Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan sarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!” Haleluya!
← Chapter 105
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 107 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66
67
68
69
70
71
72
73
74
75
76
77
78
79
80
81
82
83
84
85
86
87
88
89
90
91
92
93
94
95
96
97
98
99
100
101
102
103
104
105
106
107
108
109
110
111
112
113
114
115
116
117
118
119
120
121
122
123
124
125
126
127
128
129
130
131
132
133
134
135
136
137
138
139
140
141
142
143
144
145
146
147
148
149
150