bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Psalms 89
Psalms 89
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 88
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 90 →
1
Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi.
2
Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.
3
Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.
4
Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.
5
Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)
6
Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci.
7
Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah, lan ing antarane para kang manggon ing swarga sapa kang madhani Sang Yehuwah?
8
Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.
9
Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.
10
Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh, manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.
11
Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.
12
Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.
13
Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken, redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah surak-surak margi saking asma Paduka.
14
Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.
15
Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
16
Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,
17
sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.
18
Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun, singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.
19
Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.
20
Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.
21
Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun, kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.
22
Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun, sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.
23
Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika.
24
Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe, sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.
25
Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun, sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,
26
Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara, sarta tangane tengen ngereh kali-kali.
27
Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”
28
Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep, tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.
29
Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase, lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.
30
Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase, apadene dhampare ing saumuring langit.
31
Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun,
32
lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun,
33
panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada, tuwin kaluputane kalawan gebug.
34
Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud, sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.
35
Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun, tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.
36
Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun, mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.
37
Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase, lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,
38
kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)
39
Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,
40
prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken, makuthanipun Paduka regedi kados lebu,
41
balowartinipun Paduka rebahaken, beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.
42
Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi, sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.
43
Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken, sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.
44
landheping pedhangipun Paduka damel mbalik, Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.
45
Cahyanipun Paduka suremaken, sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.
46
Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)
47
Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?
48
Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?
49
Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)
50
Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?
51
Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,
52
ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.
53
Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!
← Chapter 88
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 90 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66
67
68
69
70
71
72
73
74
75
76
77
78
79
80
81
82
83
84
85
86
87
88
89
90
91
92
93
94
95
96
97
98
99
100
101
102
103
104
105
106
107
108
109
110
111
112
113
114
115
116
117
118
119
120
121
122
123
124
125
126
127
128
129
130
131
132
133
134
135
136
137
138
139
140
141
142
143
144
145
146
147
148
149
150