bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Psalms 78
Psalms 78
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 77
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 79 →
1
Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh bangsaku, piwulangku padha rungokna, pamicarane cangkemku padha tilingna.
2
Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,
3
Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi, lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,
4
ora bakal daksidhem tumrap anak-putune; nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembe pepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.
5
Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune,
6
supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure, supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair, padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,
7
supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;
8
apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.
9
Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep, padha mundur nalika dinane perang.
10
Padha ora nggondheli prasetyaning Allah sarta padha emoh lumaku manut ing Torete.
11
Padha lali marang pakaryane lan kaelokan kang katindakake, kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh.
12
Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure, ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;
13
segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,
14
ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.
15
Gunung parang ing ara-ara samun dibengkah, para leluhur mau tumuli padha diparingi banyu akeh kaya saka ing samodra agung;
16
saka ing parang Gusti Allah mijilake kali, grojoging banyune kaya bengawan.
17
Ewadene para leluhur mau ndlarung anggone gawe dosa marang Panjenengane, yaiku anggone mbalela marang Kang Mahaluhur ana ing pasamunan.
18
Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.
19
Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene: “Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun?
20
Pancen Panjenengane nggebag parang satemah metu banyune lan banjur ana kali-kali kang mili; nanging apa iya kuwaos paring roti, utawa nyawisi daging para umate?”
21
Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane, temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub, sarta bebendune nempuh Banisrael,
22
awit padha ora pracaya marang Gusti Allah, sarta ora padha kumandel marang pitulungane.
23
Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur, lan mbikak lawang-lawanging langit,
24
umate diudani mana minangka pangane, sarta padha diparingi gandum saka ing langit;
25
saben wong wus mangan roti malaekat; padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.
26
Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;
27
umate banjur diudani daging kehe kaya bledug, tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;
28
padha katibakake ing satengahing tarub-tarube, ing sakubenging papan panggonane mau.
29
Tumuli padha mangan nganti wareg banget; Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.
30
Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme;
31
Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku, gembong-gembonge padha dipateni, lan para nonomane Israel padha disirnakake.
32
Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa, sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.
33
Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja, sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.
34
Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane, padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;
35
padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange, lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.
36
Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.
37
Atine ora mantep marang Panjenengane, lan ora setya marang ing prajanjiane.
38
Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh.
39
Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging, angin kang midid, kang ora bakal bali.
40
Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!
41
Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah, sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci.
42
Padha ora eling marang pagwaose, sarta marang dina nalika padha diluwari saka ing tanganing mungsuh,
43
nalika Panjenengane nganakake pratandha-pratandha ana ing tanah Mesir, sarta mukjijat-mukjijat ana ing ara-ara Zoan.
44
Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe;
45
ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.
46
Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang.
47
Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu, sarta wite sikmah sarana ebun njendhel.
48
Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es, lan rajakayane disamber ing bledheg.
49
Padha didhawahi mulad-mulading bebendune, bramantya, deduka sarta karupekan, apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai;
50
Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune, nyawane padha ora diluwari saka ing pati, nyawane padha diulungake marang pageblug;
51
sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni, wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham;
52
para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus, padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun;
53
padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir, amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara;
54
padha diirid menyang ing tanah suci kagunganing Allah, yaiku ing pagunungan iki, kang pinundhut ing astane kang tengen;
55
para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.
56
Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur, sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete;
57
padha murtad lan ora setya kaya para leluhure; padha nyimpang kaya gandhewa kang cidra;
58
padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.
59
Bareng kapiyarsa dening Gusti Allah, temah Panjenengane banjur duka banget, Israel ditampik babar pisan;
60
mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;
61
kasantosane nuli diulungake dadi bandhangan, kamulyane dipasrahake marang ing tanganing mungsuh;
62
Panjenengane marengake bae umate kamangsa ing pedhang, sarta bendu marang kagungane piyambak.
63
Para wong non-nomane padha kamangsa ing geni, lan para prawane padha ora dialembana maneh kalawan kekidungan palakrama;
64
para imam padha mati dening pedhang, lan randhane ora padha bisa nangisi.
65
Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon, kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;
66
mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur, padha kadamel nandhang wirang ing salawase.
67
Panjenengane nampik tarube Yusuf, taler Efraim ora kapilih,
68
nanging kang dipilih taler Yahuda, Gunung Sion kang kinasihan;
69
pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit, kaya bumi kang tinalesan langgeng;
70
Panjenengane milih Dawud, abdine, kapundhut saka ing satengahe kandhang-kandhang wedhus;
71
kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni, kapatah ngengon trahe Yakub, umate, iya Banisrael kagungane piyambak.
72
Tumuli iya padha diengon kalawan tulusing galih, sarta padha katuntun kanthi kaprigelaning astane.
← Chapter 77
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 67
Chapter 68
Chapter 69
Chapter 70
Chapter 71
Chapter 72
Chapter 73
Chapter 74
Chapter 75
Chapter 76
Chapter 77
Chapter 78
Chapter 79
Chapter 80
Chapter 81
Chapter 82
Chapter 83
Chapter 84
Chapter 85
Chapter 86
Chapter 87
Chapter 88
Chapter 89
Chapter 90
Chapter 91
Chapter 92
Chapter 93
Chapter 94
Chapter 95
Chapter 96
Chapter 97
Chapter 98
Chapter 99
Chapter 100
Chapter 101
Chapter 102
Chapter 103
Chapter 104
Chapter 105
Chapter 106
Chapter 107
Chapter 108
Chapter 109
Chapter 110
Chapter 111
Chapter 112
Chapter 113
Chapter 114
Chapter 115
Chapter 116
Chapter 117
Chapter 118
Chapter 119
Chapter 120
Chapter 121
Chapter 122
Chapter 123
Chapter 124
Chapter 125
Chapter 126
Chapter 127
Chapter 128
Chapter 129
Chapter 130
Chapter 131
Chapter 132
Chapter 133
Chapter 134
Chapter 135
Chapter 136
Chapter 137
Chapter 138
Chapter 139
Chapter 140
Chapter 141
Chapter 142
Chapter 143
Chapter 144
Chapter 145
Chapter 146
Chapter 147
Chapter 148
Chapter 149
Chapter 150
Chapter 79 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66
67
68
69
70
71
72
73
74
75
76
77
78
79
80
81
82
83
84
85
86
87
88
89
90
91
92
93
94
95
96
97
98
99
100
101
102
103
104
105
106
107
108
109
110
111
112
113
114
115
116
117
118
119
120
121
122
123
124
125
126
127
128
129
130
131
132
133
134
135
136
137
138
139
140
141
142
143
144
145
146
147
148
149
150
Recommended Reading
Commentary
Psalms Commentaries
→
Devotional
Psalms Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→