bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
2 Chronicles 10
2 Chronicles 10
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 11 →
1
Sang Prabu Rehabeam banjur tindak menyang ing Sikhem, awit wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem arep njumenengake ratu panjenengane.
2
Bareng iku keprungu dening Yerobeam bin Nebat -- dheweke ana ing Mesir, amarga lumayu ngungsi mrono saka ing ngarsane Sang Prabu Suleman -- banjur bali saka ing tanah Mesir.
3
Wong-wong banjur padha kongkonan ngundang, Yerobeam nuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam bebarengan karo wong Israel kabeh sarta banjur padha matur:
4
“Rama dalem sampun damel awrating sesanggenipun dalem sadaya, milanipun sapunika panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken padamelan ingkang ngrekaos ingkang kabebahaken dening rama dalem saha tetanggelan ingkang awrat ingkang dipun paringaken dhateng kawula sadaya, supados kawula sami dadosa abdi paduka.”
5
Nanging paring wangsulane Sang Nata mangkene: “Padha sowana ing ngarsaningsun maneh besuk emben.” Wong-wong nuli padha mundur.
6
Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut pamrayoga marang para pinituwa kang ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman padha ngamping-ampingi Sang Prabu Suleman, kang rama, pangandikane: “Kapriye pamrayoganira, kapriye anggoningSun mangsuli marang wong-wong iku?”
7
Ature marang panjenengane: “Manawi tangkep paduka sae dhateng rakyat punika, karsa damel senenging manahipun saha karsa paring pangandika ingkang ngresepaken, tiyang-tiyang wau temtu lajeng sami dados abdi paduka ing salaminipun.”
8
Nanging Sang Prabu ora karsa ndhahar atur pamrayogane para pinituwa mau lan tumuli mundhut rembuge para nonoman barakane kang padha ngamping-ampingi panjenengane,
9
mangkene pangandikane: “Kapriye pamrayoganira, kapriye anggon kita mangsuli marang rakyat kang matur marang ingsun: Paduka mugi karsaa ngenthengaken tetanggelan ingkang kaparingaken dhumateng kawula sadaya dening rama dalem.”
10
Para nonoman kang sabarakan kalawan panjenengane mau tumuli padha munjuk: “Tiyang-tiyang ingkang sami matur dhumateng panjenengan dalem: Rama dalem sampun ngawrataken tetanggelanipun dalem, nanging panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken, punika sumangga kaparingana wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang bangkekane ramaningsun.
11
Mulane saiki, yen ramaningsun wus paring marang sira kabeh tetanggungan kang abot, nanging ingsun bakal muwuhi tetanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kalawan sambuk, nanging ingsun bakal nganjar sira kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
12
Bareng ing telung dinane Yerobeam lan rakyat kabeh padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Prabu: “Padha sowana ing ngarsaningsun maneh besuk emben.”
13
Sang Prabu Rehabeam anggone paring wangsulan kalawan keras; panjenengane nglirwakake marang rembuge para pinituwa;
14
wong-wong padha dipangandikani miturut rembuge para nonoman: “Ramaningsun wus ndadekake aboting sesangganira kabeh, nanging iku bakal sunwewahi; sira padha diajar dening ramanigsun kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kabeh kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
15
Dadine Sang Prabu ora karsa minangkani panyuwuning rakyat, sabab lelakon iki wus manut pepesthening Allah, supaya Pangeran Yehuwah netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.
16
Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Nata ora karsa minangkani panyuwune, rakyat banjur matur marang Sang Prabu: “Kita angsal panduman punapa saking Dawud? Kita boten angsal warusan saking anakipun Isai! Padha balia menyang ing tarubmu dhewe-dhewe he, wong Israel! Saiki urusen dhewe omahmu, he Dawud!” Wong Israel kabeh banjur padha lunga mulih menyang ing tarube,
17
satemah Sang Prabu Rehabeam mung ngratoni wong Israel kang padha manggon ing kutha-kuthane Yehuda.
18
Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam utusan Hadoram lelurahe para wong nyangga karya nanging iku banjur dibenturi watu dening wong Israel nganti mati, malah Sang Prabu Rehabeam meh-meh bae ora bisa nitih ing kretane nalika banjur ngungsi menyang ing Yerusalem.
19
Kaya mangkono anggone wong Israel padha mbalela marang brayate Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36