bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
2 Chronicles 12
2 Chronicles 12
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 13 →
1
Kacarita, bareng karajane wus santosa lan pangwaose wus dadi kukuh, Sang Prabu Rehabeam dalasan Israel kabeh padha nyingkur marang angger-anggering Yehuwah.
2
Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, nata ing Mesir, nempuh Yerusalem -- amarga kabeh wus padha ora setya marang Pangeran Yehuwah --
3
kalawan kreta sewu rong atus lan wadya-bala jaranan sawidak ewu, dene rakyat kang ndherek saka ing Mesir cacahe tanpa wilangan, yaiku wong Libia, wong Suki lan wong Etiopia.
4
Kutha-kutha beteng ing Yehuda padha karebut dening Sang Prabu, malah banjur wus cedhak karo Yerusalem.
5
Ing kono Nabi Semaya banjur manggihi Sang Prabu Rehabeam lan para panggedhene Yehuda, kang padha nglumpuk ana ing Yerusalem, amarga saka pangancame Sang Prabu Sisak, sarta matur mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulane Ingsun iya nilar sira kabeh ana ing pangwasane Sisak.”
6
Para panggedhe Israel lan Sang Nata banjur padha nalangsa sarta ngandika: “Pangeran Yehuwah iku kang leres!”
7
Bareng Sang Yehuwah mirsa, manawa wong-wong padha nalangsa, banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, surasane mangkene: “Wong-wong iku wus padha ngesorake awake, mulane ora bakal Sunsirnakake, bakal enggal Sunluwari lan mulad-mulading bebenduningSun ora bakal kaesokake marang Yerusalem lumantar Sisak.
8
Nanging bakal padha dadi bature, supaya padha bisaa mbedakake ngabekti marang Ingsun karo sujud marang karajan-karajan ing donya.”
9
Sang Prabu Sisak ratu ing Mesir, banjur nglurugi lan nempuh Yerusalem. Prabot-prabot ing padalemaning Yehuwah lan raja-brana ing kraton pada kajarah; kabeh padha karayahan. Sang Prabu uga mundhuti tameng-tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.
10
Minangka lirune Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang kapasrahake marang para tetindhihe wadya-bala kang njaga lawanging kratone Sang Nata.
11
Saben Sang Prabu lumebet ing padalemaning Yehuwah, para prajurit mau padha teka ngampil tameng-tameng iku, lan uga wong-wong iku kang mbalekake menyang ing kamar pajagane.
12
Ing sarehne Sang Prabu ngesorake sarira, dukane Pangeran Yehuwah banjur lilih, mulane ora kasirnakake babar pisan. Sarta maneh ing Yehuda iya isih ana bab-bab kang becik.
13
Sang Prabu Rehabeam iku ngatingalake santosane anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Sang Prabu Rehabeam yuswa patang puluh taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase pitulas taun, ana ing kutha kang pinilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane sakehe suku Israel, kagem padunungane asmane. Kang ibu asma Naama, putri bangsa Amon.
14
Sang Prabu Rehabeam iku nglampahi kang ala, marga ora mantep anggone ngupaya marang Pangeran Yehuwah.
15
Riwayate Sang Prabu Rehabeam iku wiwit wiwitan nganti wekasan, kabeh rak wus katulisan ana ing sejarahe Nabi Semaya lan Idho, wong sidik, -- kang uga ngemot daftar sarasilah. Ing antarane Prabu Rehabeam lan Prabu Yerobeam iku tansah ana perang.
16
Wasana Sang Prabu Rehabeam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Abia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36