bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
2 Chronicles 19
2 Chronicles 19
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 20 →
1
Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda kondur menyang ing kadhatone ing Yerusalem kalawan wilujeng.
2
Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.
3
Nanging taksik wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”
4
Sang Prabu Yosafat akedhaton ana ing Yerusalem. Panjenengane tindak mider-mider ing wilayah-wilayah, wiwit saka ing Bersyeba nganti tekan ing pagunungan Efraim kalawan dhawuh supaya rakyat padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
5
Sang Nata uga ngedegake hakim ana ing saindenging nagara, yaiku ing sakehe kutha-beteng ing Yehuda, ing saben kutha.
6
Para hakim iku padha kaparingan piweling mangkene: “Apa kang sira tindakake iku katimbang-timbanga, amarga anggonira padha nindakake pangadilan iku ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah, kang celak kalawan sira, manawa sira padha nindakake pangadilan.
7
Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”
8
Ana ing Yerusalem Sang Prabu Yosafat uga ngangkat wong Lewi, para imam lan para leluhuring kulawangsa Israel sawetara padha kadhawuhan aweh putusan ing bab angger-anggering Yehuwah lan ing bab para-padu. Iku padha manggon ana ing Yerusalem,
9
sarta padha didhawuhi mangkene: “Sira kudu padha tumindak kalawan wedi asih marang Pangeran Yehuwah, kalawan setya lan tulusing ati, lire mangkene:
10
Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.
11
Lah Imam Agung Amarya iku kang sunangkat dadi lelurahira tumrap ing sakehe prakara kang gegayutan karo Gusti Allah lan Zebaja bin Ismael, pangareping turune Yehuda, tumrap sakehe prakara karajan, dene wong Lewi bakal padha mbiyantu sira dadi juru ngatur. Padha tumindaka kalawan kenceng! Muga Pangeran Yehuwah nunggala kalawan wong kang tumemen.”
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 20 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36