bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
2 Chronicles 3
2 Chronicles 3
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 4 →
1
Sang Prabu Suleman banjur miwiti yasa padalemaning Yehuwah ana ing Yerusalem ing gunung Moria, panggonan nalika Pangeran Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Dawud, kang rama, ing panggonan kang wus katetepake dening Sang Prabu Dawud, yaiku ing papan panutone Ornan wong Yebus.
2
Sang Nata anggone wiwit yasa padaleman iku ing sajrone sasi kang kapindho, ing taun kang kaping pate paprentahane.
3
Anadene dhasaring ukuran kang diagem Sang Prabu Suleman anggone yasa padalemaning Allah iku mangkene: dawane sewidak asta, manut ukuran asta kang lawas, dene ambane rong puluh asta.
4
Srambi ing sangarepe dalem gedhe iku dawane rong puluh asta, manut ambane dalem mau, lan dhuwure satus rong puluh asta. Srambi iku ing sisih jerone kalapis ing mas murni.
5
Daleme gedhe digebyogi kayu beros. Kayu iku nuli kalapis ing emas murni, kang banjur kapasangan wit kurma, ing dhuwure kadokokan lunglungan.
6
Iku iya kalapis ing sesotya kang larang-larang minangka rerenggan, dene emase emas Parwaim.
7
Kaya mangkono dalem gedhe mau; blandar-pangerete, dhempel-dhempele, gebyog-gebyoge lan lawang-lawange padha kalapis emas, dene ing gebyoge didokoki kerub ukir-ukiran.
8
Sawuse mangkono Sang Prabu banjur yasa kamar pasucen kang pinunjul; dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman mau, lan ambane uga rong puluh asta. Iku tumuli kalapis emas murni, kang bobote nem atus talenta;
9
boboting paku-pakune seket sekel emas. Kamar-kamar dhuwur iya kalapis ing emas.
10
Nuli yasa kerub tatahan loro kanggo ing pasucen kang pinunjul, iku iya kalapis ing emas.
11
Swiwine kerub-kerub iku gunggunging dawane kabeh ana rong puluh asta;
12
swiwi ing sisihe kerub kang sijine dawane limang asta lan iku notog ing temboking kamar, dene swiwi ing sisih sijine dawane uga limang asta, iku adu pucuk karo swiwining kerub sijine.
13
Dadine swiwine kerub loro-lorone iku egare dawane rong puluh asta; kerub-kerub iku karo-karone ngadeg madhep marang ing dalem gedhe.
14
Sang Prabu banjur damel gubah, kang digawe bakal wungu tuwa, bakal wungu enom, bakal jingga lan lena alus nganggo digambari kerub.
15
Ing sangarepe padaleman didokoki tugu loro kang dhuwure telung puluh lima asta, nganggo krebil ana ing dhuwure, kang dhuwure limang asta.
16
Tumuli damel rerekan rante kang dikalungake ing dhuwure tugu-tugu mau, lan banjur damel rerekan woh dlima satus iji, kapasang ing rerekan rante mau.
17
Tugu-tugune kaadegake ing sangarepe Padaleman Suci, kang siji ana ing sisih tengen lan sijine ana ing sisih kiwa; tugu sing tengen dijenengake Yakhin, dene tugu kiwa dijenengake Boas.
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36