bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Deuteronomy 17
Deuteronomy 17
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 18 →
1
Enggonmu masrahaké kurban sapi utawa wedus marang GUSTI, Gusti Allahmu, aja sing ana tyiriné, utawa apa waé sing ala, awit kuwi reget kanggo GUSTI, Gusti Allahmu.”
2
“Yèn ing tengah-tengahmu, ing salah sakwijiné panggonan pawèhé GUSTI, Gusti Allahmu, marang kowé, ketemu ana wong lanang utawa wadon sing nduwé pokal gawé ala ing ngarepé GUSTI, Gusti Allahmu, nerak perjanjian-Né,
3
ya kuwi lunga ngabekti lan sujut marang allah liyané, utawa marang srengéngé, mbulan utawa marang sakkèhé suradadu ing langit, sing wis tak larang,
4
lan yèn perkara kuwi diomongké marang kowé utawa kok krungu kabaré, kuwi terus tlitinen sing tliti, yèn nyata lan tenan ana kedadian mengkono, dadi rereget wis kelakon ing tengah-tengahé wong Israèl,
5
wong lanang utawa wadon sing nglakoni duraka kuwi mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon kuwi terus bandemana watu nganti mati.
6
Sing diukum pati kuwi kudu nurut pernatan ya kuwi ana seksi loro utawa seksi telu; aja nganti diukum pati mung awit sangka tembungé seksi siji.
7
Tangané seksi kuwi sing miwiti ngadek matèni wong kuwi, sakwisé terus wong sak bangsa kabèh. Kaya mengkono enggonmu nyingkirké sing ala sangka tengahmu.”
8
“Yèn ana sakwijiné perkara sing kok rasa angèl banget putusané, upamané: bab patèn-patènan, bab tuntut-tuntutan, bab taton-natoni, perkara ndakwa ing panggonanmu, terus kowé ngadepa menyang ing panggonan sing bakal dipilih karo GUSTI, Gusti Allahmu;
9
ya kuwi marang para imam wong Lévi lan marang rèkter ing waktu kuwi lan njaluka putusan. Wong-wong kuwi sing bakal pada ngomongké putusané rèkter marang kowé.
10
Kowé ya terus nglakonana apa sing dadi putusané, sangka panggonan sing bakal dipilih karo GUSTI. Kowé nglakonana karo setia sakkèhé pituturé marang kowé.
11
Kowé tumindaka miturut pernatan sing diwènèhké marang kowé lan miturut putusan sing diomongké marang kowé; aja nganti nyimpang ngiwa utawa nengen sangka putusan sing diwènèhké marang kowé.
12
Wong sing kemendel ora manut tembungé imam sing ngadep nglakoni kerjanané GUSTI, Gusti Allahmu, utawa marang rèkter, wong kuwi kudu diukum pati. Kaya mengkono enggonmu nyingkirké sing ala sangka sak tengahé Israèl.
13
Wong sak bangsa kabèh bakal pada krungu bab kuwi, terus pada wedi lan ora bakal kemendel menèh.”
14
“Mbésuk yèn kowé wis mlebu ing negara sing dikèkké karo GUSTI, Gusti Allahmu, marang kowé, lan wis kok kwasani lan kok enggoni, nanging kowé terus nduwé pikiran: Aku arep ngangkat ratu sing ngwasani marang aku, kaya sakkèhé bangsa ing sak kiwa-tengenku,
15
sing kok angkat dadi ratu mung sing dipilih karo GUSTI, Gusti Allahmu; sing kok angkat dadi ratumu kuwi kudu sangka sak tengahé para sedulurmu, ora kena wong bangsa liya sing duduk sedulurmu, sing kok angkat dadi ratu ngwasani kowé.
16
Ratu kuwi aja nganti ngingu jaran okèh-okèh lan aja mbalèkké bangsa kuwi menyang ing negara Egipte supaya olèh jaran okèh, awit wis ana préntahé GUSTI marang kowé: Ing mbésuk kowé aja bali ngliwati dalan iki menèh.
17
Uga menèh bojoné ya aja nganti okèh, supaya atiné aja nyimpang; ya aja banget-banget enggoné nglumpukké emas lan slaka.
18
Yèn wis kelakon njagong damparé kraton, terus nggawéa layang turunané angger-angger iki, miturut kitab ing para imam lan wong Lévi.
19
Kuwi tansah anaa ing sandingé, lan diwatya ing selawasé uripé, supaya sinaua wedi lan ngajèni marang GUSTI, Gusti Allahé, netepi lan nandangi angger-angger lan pernatan iki kabèh,
20
supaya aja nganti ngluhurké awaké ngungkuli para seduluré, aja nyimpang sangka pepakon, nengen utawa ngiwa, supaya suwé enggoné mréntah, ya dèwèké déwé lan anak putuné ing sak tengahé wong Israèl.”
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 18 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34