bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Deuteronomy 34
Deuteronomy 34
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
1
Moses terus lunga sangka tanah rata ing Moab, munggah ing gunung Nébo, putyuké gunung Pisga ing peneré Yériko, terus dikétokké sak kabèhé negara kuwi kabèh karo GUSTI: bawah Giléad tekan ing Dan,
2
panggonané Naftali kabèh, tanahé Efraim lan Manasé, tanahé Yéhuda sak kabèhé nganti tekan ing segara kulon;
3
tanah Negeb lan Legokan Yordan, legokan Yériko, kuta wit kurma, nganti tekan ing Soar.
4
Terus diomongi karo GUSTI: “Iki negara sing Tak janjèkké karo sumpah marang Abraham, Isak lan Yakub, karo tembungku: Turunmu bakal Tak wènèhi negara kuwi. Kowé Tak lilani ndeleng karo mripatmu déwé, nanging kowé ora bakal nyabrang mrana.”
5
Moses, abdiné GUSTI terus mati ing kono, ing tanah Moab, miturut tembungé GUSTI.
6
Terus dikubur karo Panjenengané ing legokan tanah Moab ing peneré Bèt-Péor, ora ana wong sing weruh kuburané nganti tekan ing dina iki.
7
Waktu mati Moses umuré 120 taun, mripaté durung blereng lan durung ilang kekuwatané.
8
Wong Israèl terus pada nangisi Moses ing tanah rata Moab suwéné telung puluh dina. Ing dina petangisané kasusahan awit sangka Moses wis rampung.
9
Nanging Yosua anaké Nun kuwi kebak ing rohé kawityaksanan, awit wis ditumpangi tangan karo Moses, mulané wong Israèl pada manut marang Yosua, lan netepi préntahé GUSTI sing wis dipréntahké karo Moses.
10
Ing sak terusé wis ora ana nabi menèh sing ngadek ing antarané Israèl sing madani Moses, sing dikenali karo GUSTI adep-adepan,
11
ing bab sakkèhé tanda lan mujijat, sing ditindakké awit sangka préntahé GUSTI ing negara Egipte kanggo Parao lan marang sakkèhé para abdiné lan sak ratané negarané,
12
uga ing bab sakkèhé penggawéané sing kwasa lan ing bab sakkèhé perkara sing medèni banget sing ditindakké karo Moses ing ngarepé wong Israèl kabèh.
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34