bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ecclesiastes 11
Ecclesiastes 11
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 12 →
1
Rotimu buwangen ing banyu, ora suwé menèh bakal ketemu.
2
Wènèhna sing dadi pandumanmu marang wong pitu, malah marang wong wolu, awit kowé ora weruh, kasangsarané apa sing bakal kelakon ing bumi.
3
Yèn mendung peteng bakal udan, udané terus disiramké ing bumi; Yèn wit ambruk ngidul utawa ngalor, wit kuwi terus tetep ngglémpang ing panggonané ambruké.
4
Sapa sing tansah nggatèkké angin ora bakal nyebar, lan sapa sing tansah mandeng marang mendung ora bakal ngunduh.
5
Kaya enggonmu ora weruh marang mlakuné angin, lan balung-balung ing wetengé wong wadon meteng, semono uga kowé ora weruh marang penggawéané Gusti Allah, sing nindakké samubarang.
6
Wijimu sebaren ing waktu ésuk, lan tanganmu aja kok lèrènké ing waktu soré, awit kowé ora weruh, apa sing iki utawa sing kuwi sing bakal olèh gawé, apa loro-loroné kuwi pada apiké.
7
Pepadang kuwi nyenengké, lan yèn bisa nyawang srengéngé nyenengké.
8
Mulané yèn ana wong sing dawa umuré, bèn seneng-seneng ing kahanané, nanging wong mau élinga marang dina-dina sing peteng, awit kuwi okèh tyatyahé. Samubarang kabèh sing teka, kuwi tanpa guna.
9
Bungah-bungaha, hé wong enom, ing sak njeruhné enggonmu ijik enom, atimu bèn seneng ing waktu kowé ijik enom. Turutana kepénginané atimu lan apa sing dadi kesenengané mripatmu. Nanging ngertia, awit sangka kuwi, kowé bakal digèrèt Gusti Allah nang pengadilan!
10
Mulané sedih buwangen sangka atimu lan adohna kelara-lara sangka awakmu, awit enom lan nom-nomané urip kuwi, tanpa guna.
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 12 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12