bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ecclesiastes 3
Ecclesiastes 3
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 4 →
1
Samubarang kabèh kuwi ana waktuné, apa waé ing sak ngisoré langit ana waktuné.
2
Ana waktuné nglairké, ana waktuné mati, ana waktuné nandur, ana waktuné mbedoli sing ditandur.
3
Ana waktuné matèni, ana waktuné maraské; ana waktuné mbubrah, ana waktuné mbangun.
4
Ana waktuné nangis, ana waktuné ngguyu; ana waktuné sambat, ana waktuné jejogètan.
5
Ana waktuné mbuwang watu, ana waktuné nglumpukké watu; ana waktuné ngrangkul, ana waktuné menggak ngrangkul.
6
Ana waktuné nggolèki, ana waktuné kélangan; ana waktuné nyimpen, ana waktuné mbuwang.
7
Ana waktuné nyuwèk, ana waktuné ndondomi; ana waktuné meneng, ana waktuné ngomong.
8
Ana waktuné nrésnani, ana waktuné nyengiti; ana waktuné perang, ana waktuné rukun.
9
Apa ta upahé wong sing nindakké penggawéan sing ditandangi karo kangèlan?
10
Aku wis weruh penggawéan sing dikèkké karo Gusti Allah marang para anak-anaké manungsa, supaya pada nggawé keselé awaké.
11
Gusti Allah nggawé samubarang kabèh apik ing waktu-Né, malah atiné pada dikèki kelanggengan, nanging manungsa ora bisa weruh penggawéané Gusti Allah sangka wiwitan nganti pungkasan.
12
Aku weruh yèn kanggo para manungsa kuwi ora ana sing luwih apik kejaba seneng-seneng lan ngrasakaké kesenengan ing sak njeruhné uripé.
13
Saben wong bisa mangan, ngombé lan ngrasakaké kesenengan ing sak njeruhné kangèlané kabèh, kuwi uga pawèhé Gusti Allah.
14
Aku weruh yèn samubarang kabèh sing ditindakké karo Gusti Allah kuwi bakal tetep ing selawasé; kuwi ora bisa ditambahi utawa dilongi; Gusti Allah nandangi mengkono, supaya manungsa ngajèni marang Gusti.
15
Sing saiki ana, kuwi mbiyèn wis ana, lan sing bakal ana, kuwi wis suwé ana; lan Gusti Allah mbalèkké apa sing wis kepungkur.
16
Sak terusé aku weruh panggonan pengadilan ing sak ngisoré srengéngé: ing kono ketemu bab sing ora adil; lan panggonan pengadilan, ing kono uga ketemu bab-bab sing ora adil.
17
Aku ngomong ing sak njeruhné atiku: “Gusti Allah bakal ngadili wong sing bener lan sing ora adil, awit kanggo kabèh penggawéan, kuwi ana waktuné déwé-déwé.”
18
Aku mbatin ing sak njeruhné atiku mengkéné: “Sakjané manungsa kuwi bakal diuji karo Gusti Allah lan bakal dikèki weruh, yèn dèwèké kabèh kuwi mung kaya kéwan.”
19
Awit wis pestiné kanggo manungsa kuwi pada karo kéwan, pestiné pada waé; sing siji mati, sijiné ya mengkono. Loro-loroné pada-pada ambekan, lan manungsa kuwi ora ngungkuli kéwan, awit samubarang kabèh kuwi tanpa guna.
20
Loro-loroné marani panggonan sing pada; loro-loroné dadiné sangka lebu lan loro-loroné bali menyang ing lebu.
21
Sapa sing ngerti, yèn ambekané manungsa kuwi munggah menduwur, lan ambekané kéwan medun mengisor, menyang ing bumi?
22
Aku weruh yèn ora ana sing luwih apik ngungkuli kesenengan sak njeruhné penggawéané, awit kuwi kabekjané. Awit sapa ta sing bakal nduduhké apa sing bakal kelakon sakwisé dèwèké?
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12