bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ecclesiastes 6
Ecclesiastes 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 7 →
1
Ana memala sing tak deleng ing sak ngisoré srengéngé, sing banget menet marang manungsa:
2
wong sing dikèki karo Gusti Allah kasugihan, banda lan kamulyan, terus ora kekurangan apa-apa kanggo sing dadi kepénginané, nanging wong kuwi ora dikèki karo Gusti Allah kwasa ngrasakaké kuwi kabèh, nanging wong liyané sing ngrasakaké! Iki kahanan sing tanpa guna lan kasangsarané sing pait.
3
Yèn ana wong sing anaké 100 lan umuré nganti dawa banget, nanging ora marem marang kesenengan, malah terus ora olèh panguburan, aku ngomong: anak kluron kuwi luwih apik tenimbang karo wong mau.
4
Awit anak kluron kuwi tekané tanpa guna lan ing pepeteng lan jenengé ketutupan ing pepeteng,
5
tur ora weruh srengéngé lan ora ngerti apa-apa. Kuwi luwih tentrem tenimbangané karo wong mau.
6
Senajan uripé 1000 taun kaping pindo, nanging ora ngrasakaké kesenengan, apa ora kabèh loroné kuwi entèk-entèkané nang panggonan siji?
7
Kabèh kangèlané manungsa kuwi kanggo wetengé, nanging kepénginané ora ana uwis-uwisé.
8
Awit apa ta keluwihané wong wityaksana yèn ditimbang karo wong bodo? Apa ta keluwihané wong mlarat sing bisa sesrawungan marang sak pada-pada?
9
Luwih apik mung weruh waé tenimbang karo ngumbar kepénginan. Kuwi uga tanpa guna lan ngupaya njaring angin.
10
Apa waé sing ana, kuwi wis suwé enggoné dityeluk jenengé lan wis pada weruh yèn manungsa kuwi sapa, ya kuwi ora bisa nganakké perkara karo sing luwih kuwat ngungkuli dèwèké.
11
Awit mundak okèh tetembungané, ya mundak okèh sing tanpa guna. Apa gunané kanggo manungsa?
12
Awit sapa sing weruh apa sing apik kanggo manungsa ing selawasé uripé sing ora suwé, sing tanpa guna, sing dilakoni kaya ayang-ayang? Sapa sing bisa ngomongké marang manungsa, apa sing bakal kelakon ing sak ngisoré srengéngé sakwisé dèkné?
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12