bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Revelation 4
Revelation 4
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 5 →
1
Sakwisé mengkono aku weruh: Jan tenan, lawangé swarga ana sing menga lan ana swara sing mbiyèn aku wis krungu, ngomongi aku kaya swarané trompèt, ngéné: “Kowé munggaha mréné bakal Tak duduhké apa sing sakwisé iki mesti kudu kelakon.”
2
Sak nalika kuwi aku dikwasani karo Roh. Ing swarga ana dampar, lan ana sing njagong ing dampar kuwi.
3
Panjenengané sing njagong ing dampar kuwi sawangané kaya watu-watu yaspis lan Sardis; lan ing sak ubengé dampar ana kluwungé sing kétok semlorot kaya jamrut.
4
Lan ing sak ubengé dampar mau ana damparé patlikur dijagongi karo pinituwa patlikur, pada nganggo jubah putih lan nganggo makuta emas.
5
Sangka dampar mau ana klélap sing metu lan swara gluduk sing gemleger, lan ing ngarepé dampar ana ontyor pitu sing pada murup: ya kuwi Rohé Gusti Allah pitu.
6
Uga ing ngarepé dampar ana segara katya kristal; ing tengahé dampar lan ing sak ubengé ana kéwan papat pada kebak mripat ing ngarep lan ing mburiné.
7
Kéwan mau sing kaping pisan kaya singa, sing kaping pindo kaya pedèt, sing kaping telu kuwi praupané kaya manungsa, lan sing kaping papaté kaya manuk garuda mabur.
8
Kéwan papat mau siji-sijiné nduwé swiwi enem, ing sisih njaba lan njeruhné pada kebak mripat, lan awan wengi tanpa lèrèn enggoné ngomong ngéné: “Sutyi, sutyi, sutyi, Gusti Allah sing Mahakwasa, sing ndisik, sing saiki, lan sing bakal teka.”
9
Saben-saben kéwan mau pada nyanyi pamuji lan panghurmatan lan maturkesuwun marang Panjenengané sing njagong ing dampar lan sing urip langgeng ing sak lawas-lawasé,
10
para pinituwa patlikur mau terus pada nyembah ing ngarepé sing njagong ing dampar kuwi, lan ngabekti marang Panjenengané sing urip tekan sak lawas-lawasé. Lan pada nyèlèhké makutané ing ngarepé dampar kuwi karo ngomong,
11
“Duh Gusti, Gusti Allah kula, Panjenengan sing pantes nampa pamuji lan panghurmatan lan pangwasa. Awit Panjenengan wis nitahké samubarang; lan awit sangka karep Panjenengan, samubarang kuwi ana lan dititahké.”
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 5 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22