bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Genesis 2
Genesis 2
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 3 →
1
Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.
2
Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.
3
Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.
4
Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake. Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --
5
durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap;
6
mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, --
7
nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.
8
Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau.
9
Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.
10
Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:
11
kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.
12
Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.
13
Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.
14
Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.
15
Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,
16
sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira,
17
nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”
18
Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”
19
Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.
20
Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.
21
Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.
22
Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.
23
Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”
24
Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.
25
Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 3 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50