bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Genesis 28
Genesis 28
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 29 →
1
Rama Iskak banjur nimbali Yakub, diberkahi sarta diweling, dhawuhe: “Kowe aja golek sisihan bocah wadon Kanaan.
2
Tata-tataa, mangkata menyang tanah Padan-Aram, ing daleme Rama Betuel, ramane ibumu, lan goleka sisihan ana ing kana, panunggalane anake Laban sadulure ibumu.
3
Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.
4
Muga kowe diparingana berkah kang kanggo Rama Abraham, iya kowe dalah turunmu, temah kowe bisa nduweni tanah iki, iya kang kokenggoni kayadene wong neneka, kang wus diparingake Gusti Allah marang Rama Abraham.”
5
Mangkono Rama Iskak anggone ndawuhi lunga Yakub; Yakub banjur mangkat menyang Padan-Aram, ing panggonane Laban putrane Rama Betuel wong Aram, sadulure Ibu Ribkah, ibune Yakub lan Esap.
6
Esap bareng weruh manawa Rama Iskak wus mberkahi Yakub, sarta didhawuhi lunga menyang ing Padan-Aram supaya golek sisihan saka ing kana -- ing nalikane mberkahi mau nganggo diweling: “Aja golek sisihan wong wadon bangsa Kanaan.” --
7
Karomaneh Yakub miturut marang dhawuhe kang rama lan kang ibu, tumuli mangkat menyang ing Padan-Aram,
8
Esap dadine rumangsa yen wong wadon Kanaan iku ora ndadekake renane Rama Iskak, kang rama.
9
Mulane Esap banjur lunga nemoni Rama Ismael perlu njupuk Mahalat dadi sisihane, diwayuh karo somahe kang dhisik. Mungguh Mahalat mau putrane Rama Ismael putrane Rama Abraham, adhine Nebayot.
10
Anadene Yakub mangkat saka Bersyeba menyang ing Haran.
11
Bareng tekan ing sawijining panggonan, banjur nginep ana ing kono, marga wus kasurupan ing srengenge. Nuli njupuk watu siji saka ing panggonan mau dianggo bantal, lan ngaso ana ing kono.
12
Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuke sundhul ing langit, lan katon para malaekate Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau.
13
Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.
14
Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.
15
Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira ing saparan-paranira lan sira bakal Sunulihake, menyang ing tanah iki maneh, marga sira ora bakal Suntegakake, nganti Ingsun wus nindakake sabarang kang wus Sunprasetyakake marang sira.”
16
Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”
17
Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”
18
Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.
19
Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.
20
Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,
21
nganti aku mulih menyang ing daleme bapakku kalawan slamet, mesthi Sang Yehuwah bakal dadi Allahku.
22
Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50