bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Genesis 39
Genesis 39
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 40 →
1
Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono.
2
Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.
3
Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,
4
temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.
5
Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.
6
Sabarang kagungane kabeh dipasrahake marang pangwasane Yusuf, lan marga saka kabiyantu dening Yusuf Sang Potifar wus ora prelu ngatur apa-apa maneh kajaba mung kang didhahar piyambak. Anadene Yusuf iku tindak-tanduke ngresepake lan bagus rupane.
7
Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!”
8
Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula,
9
malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”
10
Lan sanadyan saben dina Yusuf tansah dibujuk, ewasamono Yusuf ora nuruti kang dadi karsane ndherek sare lan tumindak nistha karo panjenengane.
11
Wasana ing sawijining dina kelakon Yusuf lumebu ing dalem arep nindakake pagawean, mangka ing jero dalem kono pinuju ora ana wong siji-sijia.
12
Bendarane putri tumuli nggondheli klambine Yusuf kalawan ngandika: “Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambine ana ing astane bendarane putri mau sarta lumayu metu.
13
Bareng bendarane putri mirsa yen klambine Yusuf ditinggal ana ing astane sarta wonge wus lumayu metu,
14
tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.
15
Bareng krungu aku mbengok seru banget, klambine ditinggal ana ing kene banjur enggal-enggal lumayu metu.”
16
Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane.
17
Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.
18
Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.”
19
Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.
20
Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.
21
Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.
22
Panggedhe pakunjaran mau nganti mracayakake sakehe tahanan marang pangreksane Yusuf, lan sakehe pagawean kang kudu ditindakake ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus.
23
Panggedhe pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahake marang Yusuf, marga Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakake iku dilestarekake dening Sang Yehuwah.
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 40 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50