bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Genesis 33
Genesis 33
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 34 →
1
Yakub tumuli mulat lan banjur weruh Esap teka kairingake wong patang atus. Yakub banjur merang-merang anak-anake, saperangan kapasrahake marang Lea, saperangan marang Rakhel lan marang bature wadon sakarone.
2
Bature wadon lan anak-anake diprenahake ana ngarep, Lea lan para anake ana ing burine, Rakhel lan Yusuf ana ing buri dhewe.
3
Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase.
4
Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.
5
Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”
6
Sawuse mangkono para batur wadon mau dalah para anake padha maju sujud.
7
Lea lan anak-anake iya maju lan sujud, wasana Yusuf lan Rakhel padha nyedhak lan tumelung.
8
Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”
9
Nanging Esap celathu maneh: “Dhi, aku wus ora kekurangan, duwekmu lestaria dadi duwekmu dhewe.”
10
Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.
11
Bok inggih panjenengan karsa nampeni pisungsung kula ingkang sampun kaaturaken dhateng panjenengan punika, margi Gusti Allah sampun nandukaken sih kadarman dhateng kula, saha kula sampun karoban samukawis.” Bareng digubel-gubel Esap temahan gelem nampani.
12
Pangucape Esap: “Payo padha budhal mbanjurake laku, lakumu bakal dakbarengi.”
13
Nanging Yakub mangsuli marang Esap: “Panjenengan mirsa, bilih lare-lare punika taksih kirang kiyat, saha kula mbekta menda lan lembu ingkang taksih nesepi, punika saupami dipun bereg lampahipun sadinten kemawon, temtu sapantha badhe pejah sadaya.
14
Panjenengan mugi karsaa tindak ngrumiyini kula, dene kula badhe lumampah lon-lonan manut lampahing kewan ingkang wonten ing ngajeng kula, saha manut lampahipun lare-lare, ngantos kula dumugi ing ngarsa panjenengan wonten ing Seir.”
15
Esap mangsuli: “Yen mangkono, becike kowe daktinggali bala kang melu aku iki.” Nanging wangsulane Yakub: “Boten sisah makaten, kula sampun cekap angsal sih wonten ngarsa panjenengan punika.”
16
Dadine Esap banjur bali ing dina iku menyang tanah Seir.
17
Nanging Yakub banjur budhal menyang Sukot, ana ing kono yasa omah, lan raja-kayane digawekake kandhang-kandhang, mulane panggonan iku diarani Sukot.
18
Lakune Yakub saka Padan-Aram tekan Sikhem tanah Kanaan kanthi slamet, banjur ngadegake tarube ana ing sawetaning kutha.
19
Palemahan sathithik kang diadegi tarube iku olehe tuku saka para putrane Sang Prabu Hemor, ramane Sang Sikhem, kanthi rega satus kesitah.
20
Ana ing kono banjur yasa misbyah dijenengake: “Allahe Israel iku Allah.”
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 34 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50