bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Genesis 9
Genesis 9
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 10 →
1
Gusti Allah tumuli mberkahi marang Rama Nuh lan marang para putrane, sarta padha kapangandikanan mangkene: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.
2
Sarupane sato-kewan ing bumi lan sarupane manuk ing awang-awang iku bakal padha wedi lan giris marang sira; iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi, dalah sarupane iwak ing sagara iku padha sira kuwasanana.
3
Sadhengah kang mobah-mosik kang urip iku dadia panganira. Iku kabeh wus Sunparingake marang sira; mangkono uga tetuwuhan kang ijo;
4
mung daging kang isih ana nyawane, iya iku getihe, iku aja sira pangan.
5
Nanging tumrap getihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthi Sunpundhut pulihe; tumrap sadhengaha kewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono uga saka tangane manungsa, iya saka siji-sijining wong anggoningSun bakal mundhut pulihe nyawane manungsa.
6
Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.
7
Anadene sira iku padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, ngambra-ambraa lan mundhak-mundhaka ana ing bumi.”
8
Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Rama Nuh lan marang para putrane pisan, mangkene:
9
“Lah Ingsun damel prasetyaningSun karo sira lan karo turunira ing sapungkurira,
10
apadene karo sadhengah makhluk urip kang melu sira ana ing prau, iya bangsaning manuk, kewan ingon-ingon tuwin kabeh kewan alasan ing bumi kang melu sira, kang wus padha metu saka ing prau, iya sarupane sato-kewan ing bumi.
11
Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”
12
Gusti Allah banjur nyambeti pangandika: “Iki pratandhane prasetya kang Sundamel ing antaraningSun lan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang melu sira, nganti turun-tumurun kanggo ing salawase.
13
KluwungingSun Sunpapanake ana ing mendhung, iku kang minangka tandhaning prasetyaningSun lan bumi.
14
Manawa ing tembe Ingsun ngumpulake mendhung ana ing sadhuwure bumi, lan kluwung mau banjur katon ana ing mendhung,
15
ing kono Ingsun mesthi bakal enget marang prasetyaningSun kang ana ing antarane Ingsun kalawan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang kadunungan nyawa, temah banyu ora bakal dadi banjir gedhe maneh, kang nyirnakake kabeh kang urip.
16
Samangsa kluwung katon ana ing mendhung, iku bakal Sunpirsani satemah Ingsun banjur enget ing prasetyaningSun kang langgeng ing antaraning Allah lan kabeh makhluk kang urip, kabeh makhluk kang ana ing bumi.”
17
Tumuli Gusti Allah ngandika maneh marang Rama Nuh: “Yaiki pratandhaning prasetyan ing antrane Ingsun lan sarupane makhluk kang ana ing bumi.”
18
Para putrane Rama Nuh kang padha metu saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. Dene Kham iku bapakne Kanaan.
19
Telu iku mau padha putrane Rama Nuh, lan marga saka anane wong telu mau sajagad kabeh kaisenan ing wong.
20
Rama Nuh miwiti tetanen lan damel pakebonan anggur,
21
nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarube.
22
Bareng Kham, bapakne Kanaan, weruh kang ramane lukar, banjur nyaritakake bab iku marang sadulure karo pisan ana ing jaba.
23
Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.
24
Bareng Rama Nuh wungu sarta wurune wus ilang, miyarsa bab tumindake putrane wuragil marang sarirane,
25
tumuli ngandika: “Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para bature sadulure.”
26
Banjur ngandika maneh: “Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem, lan Kanaan iku dadia bature.
27
Gusti Allah njembarna papan padunungane Yafet, lan manggona ing tarube Sem, tuwin Kanaan iku dadia bature.”
28
Sawuse banjir gedhe Rama Nuh isih kaparingan yuswa telung atus seket taun.
29
Dadi gunggunge yuswane Rama Nuh sangang atus seket taun, banjur seda.
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50