bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
2 Chronicles 17
2 Chronicles 17
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 18 →
1
Yosafat, anaké, dadi ratu nggentèni piyambaké. Awit dadi pemimpiné Israèl, piyambaké terus ngupaya supaya kuwat;
2
saben kuta sing dipageri watu ing Yéhuda didèkèki suradadu lan ing tanah Yéhuda lan ing kuta-kuta ing Efraim sing wis direbut karo Asa, bapaké, didèkèki suradadu sing ngwasani.
3
Nanging GUSTI nunggal karo Yosafat, awit uripé mlaku ing dalané Daved, leluhuré lan ora nggolèki Baal,
4
nanging nggolèki Gusti Allahé leluhuré mau lan nandangi pepakoné uga ora nindakké kaya Israèl.
5
Awit sangka kuwi kraton sing dikwasani dikuwatké karo GUSTI. Wong sak Yéhuda kabèh pada masrahaké pisungsung marang Yosafat, terus piyambaké dadi sugih lan diluhurké banget.
6
Karo sak kabèhé ati ratu enggoné mlaku ing dalan pituduhé GUSTI. Piyambaké uga nyingkirké sak okèhé puntuk pangurbanan lan tugu brahala sangka negara Yéhuda.
7
Ing taun sing kaping telu pemrintahané, ratu kongkonan para penggedéné, ya kuwi Bènhail, Obaja, Sakaria, Natanaèl lan Mikaya, pada dikongkon mulangi ing kuta-kuta ing negara Yéhuda.
8
Mlakuné dibarengi karo wong Lèwi, ya kuwi Semaya, Netanya, Sebaja, Asaèl, Semiramot, Yonatan, Adnia, Tobia lan Tob-Adonia lan imam Elisama lan imam Yoram.
9
Kuwi pada mulangi ing tanah Yéhuda karo nggawa kitab Torèté GUSTI, pada ngubengi ing sak okèhé kuta ing negara Yéhuda karo mulangi rayat.
10
Sak okèhé kraton ing negara-negara sak ubengé Yéhuda pada katekan rasa wedi sing sangka GUSTI, terus pada ora wani perang nglawan Yosafat.
11
Ing antarané wong Filistèn ana sing masrahaké pisungsung marang Yosafat lan slaka kanggo mbayar pajek. Uga wong Arab pada masrahké wedus, wedus gèmbèl lanang 7.700 lan wedus lanang 7.700.
12
Yosafat mundak suwé mundak kuwat, dadi kuwat ngidap-idapi. Ing Yéhuda piyambaké nggawé bèntèng-bèntèng watu lan kuta-kuta simpenan.
13
Ratu nduwé barang simpenan okèh ing kuta-kuta ing tanah Yéhuda. Para suradadu pada ing Yérusalèm, kabèh kuwi suradadu sing gagah rosa-rosa.
14
Iki golongané miturut brayaté; para penggedéné sangka Yéhuda: komendané perang Adna, sing mréntah 300.000 suradadu sing gagah rosa-rosa.
15
Terus komendané perang Yohanan sing mréntah wong 280.000 suradadu;
16
terus komendan perang Amasia, anaké Sikhri, sing karo sak kabèhé ati masrahaké piyambaké marang GUSTI, kuwi mréntah para suradadu 200.000 sing gagah rosa-rosa.
17
Sing sangka Bényamin ya kuwi komendané perang Elyada, sakwijiné penggedé sing gagah rosa-rosa, kuwi mréntah wong 200.000 suradadu, sing nganggo panah lan tamèng.
18
Terus komendané perang Yosabad, sing mréntah wong 180.000 suradadu, sing nganggo gamané perang.
19
Kuwi sing pada nyangga penjawap kanggo ratu, dadi sak liyané sing pada dipapanaké karo ratu ing kuta-kuta pager watu ing sak ubengé negara Yéhuda.
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 18 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36