bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
2 Chronicles 3
2 Chronicles 3
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 4 →
1
Salomo terus miwiti nggawé griyané GUSTI ing Yérusalèm ing gunung Moria, panggonan waktu GUSTI ngétok marang Daved, bapaké, ing panggonan sing wis ditetepaké karo Daved, ya kuwi ing panggonan penggilingané gandum Oman, wong Yébus.
2
Ratu enggoné wiwit nggawé omah kuwi ing sak njeruhné sasi sing kaping pindo, ing taun sing kaping papat pepréntahané.
3
Nanging dasaré ukuran sing dienggo Salomo enggoné nggawé griyané Gusti Allah kuwi mengkéné: dawané suwidak éluh, miturut ukuran éluh sing lawas, nanging ambané rong puluh éluh.
4
Balé ing ngarepé omah gedé kuwi dawané rong puluh éluh, miturut ambané griya mau, lan duwuré 120 éluh. Balé kuwi ing sisih njeruhné dilapis karo emas murni.
5
Griyané gedé digedèki kayu beros. Kayu kuwi terus dilapis karo emas murni, terus dipasangi ukiran wit kurma, ing duwuré didèkèki gambaran ranté.
6
Kuwi ya dilapis karo watu-watu sing larang-larang kanggo rerékan, nanging emasé emas Parwaim.
7
Kaya mengkono omah gedé mau; blandar-pengereté, dempel-dempelé, gedèk-gedèkké lan lawang-lawangé pada dilapis emas, nanging ing gedèké didèkèki kerup ukir-ukiran.
8
Sakwisé mengkono ratu terus nggawé kamar omah Mahasutyi; dawané rong puluh éluh, miturut ambané omah mau, lan ambané uga rong puluh éluh. Kuwi terus dilapis emas murni, sing boboté 600 talénta;
9
boboté paku-pakuné sèket sèkel emas. Kamar-kamar nduwur ya dilapis karo emas.
10
Terus nggawé kerup tatahan loro kanggo ing omah Mahasutyi, kuwi ya dilapis karo emas.
11
Swiwiné kerup-kerup kuwi gunggungé dawané kabèh rong puluh éluh;
12
swiwi ing sisihé kerup sing sijiné dawané limang éluh lan kuwi notok ing témboké kamar, nanging swiwi ing sisih sijiné dawané uga limang éluh, kuwi adu-arep karo swiwiné kerup sijiné.
13
Dadiné swiwiné kerup loro-loroné kuwi megaré dawané rong puluh éluh; kerup-kerup kuwi loro-loroné ngadek madep marang omah gedé.
14
Ratu terus nggawé geber, sing digawé bakal mori wungu tuwa, bakal mori wungu nom, bakal mori abang lan mori lenan alus nganggo digambari kerup.
15
Ing ngarepé omah didèkèki tugu loro sing duwuré telung puluh lima éluh, nganggo gerbél ing nduwuré, sing duwuré limang éluh.
16
Terus nggawé rerékan ranté sing dikalungké ing nduwuré tugu-tugu mau, lan terus nggawé rerékan woh mulwa 100 iji, dipasang ing rerékan ranté mau.
17
Tugu-tuguné diedekaké ing ngarepé Griya Sutyi, sing siji ing sisih tengen lan sijiné ing sisih kiwa; tugu sing tengen dijenengké Yakin, nanging tugu kiwa dijenengké Boas.
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36