bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
2 Chronicles 22
2 Chronicles 22
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 23 →
1
Para wong Yérusalèm terus ngangkat ratu Ahazia, anaké sing ragil nggentèni piyambaké, awit para anaké sing luwih tuwa umuré wis pada dipatèni kabèh karo grombolan sing nekani tarupé bebarengan karo para wong Arab. Mengkono dadiné Ahazia, anaké Yoram, ratu ing Yéhuda, terus dadi ratu.
2
Waktu dadi ratu Ahazia umuré patang puluh loro taun, nanging enggoné dadi ratu ing Yérusalèm suwéné setaun. Ibuné asma Atalya, putuné Omri.
3
Ratu uripé ya miturut mlakuné tyedak turunané Akab, awit ibuné ngekèki pitutur supaya nandangi sing ala.
4
Ratu nindakké apa sing ala ing ngarepé GUSTI pada kaya brayaté Akab, awit sakwisé ninggalé bapaké, wong kuwi terus pada dadi juru rembuké sing nggawé tyilakané.
5
Awit sangka rembuké wong-wong mau uga piyambaké terus lunga bebarengan karo Yoram, anaké Akab, ratu ing Israèl, arep nglawan perang karo Hasaèl, ratu Aram, menyang ing Ramot-Giléad, nanging Yoram terus ketaton karo wong Aram,
6
ratu terus mulih menyang Yisreèl arep golèk tamba awit sangka enggoné ketaton ing Rama waktu perang nglawan Hasaèl, ratu Aram mau. Nanging Ahazia, anaké Yoram, ratuné Yéhuda, terus lunga nemoni Yoram, anaké Akab, menyang Yisreèl, awit piyambaké ngalami lara.
7
Gusti Allah wis netepaké, yèn Ahazia bakal mati ing waktu nuwèni Yoram; bareng Ahazia teka, terus bebarengan karo Yoram nemoni Yéhu, putuné Nimsi, sing wis dijebatani karo GUSTI, supaya piyambaké kuwi sing ngentèkké tyedak turunané Akab.
8
Waktu Yéhu nindakké ukuman marang tyedak turunané Akab, ketemu karo para penggedéné Yéhuda lan para anaké sedulur-seduluré Ahazia, sing pada ngladèni Ahazia; kuwi ya pada dipatèni.
9
Sakwisé mengkono terus nggolèki Ahazia. Ahazia ketyekel waktu ndelik ing Samaria, terus digawa ing ngarepé Yéhu, terus dipatèni, nanging ya terus dikubur, awit tembungé wong: “Piyambaké kuwi putuné Yosafat, sing nggolèki marang GUSTI karo sak kabèhé atiné.” Nanging brayaté Ahazia kuwi ora ana sing bisa mréntah menèh.
10
Atalya, ibuné Ahazia, bareng ngerti, yèn anaké wis mati, terus tandang ngentèkké sak kabèhé tyedak turunané ratu, Yéhuda.
11
Nanging wong wadon Yosabat, anaké wadon ratu, njupuk Yoas, anaké Ahazia, dityolong sangka sak tengahé para anaké ratu sing bakal dipatèni mau, terus dilebokké ing lumbung ambèn karo sing momong. Kaya mengkono Yosabat, wong wadon anaké Yoram, bojoné imam Yoyada, - piyambaké kuwi seduluré wadon Ahazia - enggoné ndelikké Yoas sangka ngarepé Atalya, terus ora nganti dipatèni karo Atalya;
12
nem taun enggoné Yoas manggon karo ndelik ing griyané Gusti Allah nunggal karo para seduluré mau, ing nalikané Atalya mréntah ing negara kuwi.
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 23 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36