bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
2 Chronicles 6
2 Chronicles 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 7 →
1
Ing waktu kuwi Salomo terus ngomong: “GUSTI wis ngomong yèn gelem manggon ing panggonan sing peteng.
2
Saiki kula wis nggawé griya kanggo Panjenengan, sing kenèng Panjenengan enggoni ing sak lawas-lawasé.”
3
Ratu terus minger lan mberkahi pasamuané Israèl kabèh lan pasamuané Israèl kabèh pada ngadek.
4
Tembungé ratu: “Pinujia GUSTI, Gusti Allahé wong Israèl, sing wis nindakké karo tangané apa sing diomongké karo tutuké marang Daved, bapakku, mengkéné:
5
Wiwit waktu Aku nuntun umat-Ku metu sangka negara Egipte, ora ana kuta sing Tak pilih ing antarané sakkèhé taleré Israèl, kanggo ngedekké omah, sing dadi panggonan omahé asma-Ku, lan ora ana wong sing Tak pilih perlu Tak dadèkké ratuné umat-Ku Israèl.
6
Nanging pungkasané Aku milih Yérusalèm kanggo panggoné griya asma-Ku lan milih Daved supaya ngwasani umat-Ku Israèl.
7
Waktu Daved, bapakku, nduwé karep arep nggawé griya kanggo asmané GUSTI, Gusti Allahé Israèl,
8
terus diomongi karo GUSTI: Kowé nduwé karep arep ngedekké griya kanggo asma-Ku, karepmu kuwi pantyèn betyik;
9
mung waé duduk kowé sing bakal nggawé griya kuwi, nanging anakmu déwé sing mbésuk bakal lair, kuwi sing bakal ngedekké griya kuwi kanggo asma-Ku.
10
Dadiné GUSTI wis netepi janji sing wis diomong; aku wis ngadek nggentèni Daved, bapakku, lan wis njagong ing damparé kraton Israèl, kaya sing wis diomongké karo GUSTI, Gusti Allahé Israèl,
11
lan wis mernahké peti ing kono, sing isiné perjanjian sing wis digawé karo GUSTI karo wong Israèl.”
12
Sakwisé mengkono ratu terus ngadek ing ngarepé mesbèhé GUSTI, ing ngarepé pasamuané Israèl kabèh, terus megarké tangané
13
awit Salomo wis nggawé panggung tembaga sing dawané limang éluh ambané limang éluh lan duwuré telung éluh, sing didekké ing plataran; dèkné ngadek ing kono terus sujut ing ngarepé pasamuan Israèl kabèh lan megarké tangané marang langit,
14
karo ngomong: “Duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl! Ing swarga lan ing bumi ora ana Gusti Allah sing kaya Panjenengan; Panjenengan sing nglestarèkké perjanjian lan kawelasan marang para abdi Panjenengan sing urip ing ngarepé Panjenengan karo sak kabèhé atiné;
15
Panjenengan sing tansah nyekel janji Panjenengan marang Daved, bapak kula, lan sing wis nindakké karo tangan Panjenengan apa sing Panjenengan omongaké karo tembung Panjenengan, kaya sing kelakon ing dina iki.
16
Mulané saiki, duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, Panjenengan supaya gelem nglestarèkké janji Panjenengan marang Daved, bapak kula, ya kuwi tembungé Panjenengan: Turunanmu bakal ora ana pedoté ing ngarep-Ku lan bakal tetep lungguh ing damparé kraton Israèl, angger anak-anakmu pada tansah mlaku miturut ing angger-angger-Ku kaya enggonmu mlaku ing ngarep-Ku.
17
Mulané saiki, duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, muga kedadian tembungé Panjenengan sing wis Panjenengan kèkké marang abdi Panjenengan Daved.
18
Nanging apa ya tenan, yèn Gusti Allah gelem manggon nunggal karo manungsa ing bumi? Lah langit, malah senajan sak nduwuré langit pisan ya ora bisa ngemot Panjenengan, apa malih omah sing kula dekké iki.
19
Mulané Panjenengan supaya gelem ngrungokké pandonga lan penjaluké abdi Panjenengan iki, duh GUSTI, Gusti Allah kula, Panjenengan supaya gelem ngrungokké sambat lan pandonga, sing ditujokké ing ngarepé Panjenengan karo abdi Panjenengan iki.
20
Mripat Panjenengan supaya tansah weruh griya kuwi, awan lan wengi, tansah weruh panggonan sing Panjenengan omongaké, yèn bakal dadi griya asma Panjenengan. Panjenengan supaya gelem ngrungokké pandonga, sing ditujokké karo abdi Panjenengan ing panggonan kuwi,
21
lan supaya gelem ngrungokké penjaluké abdi Panjenengan lan umat Panjenengan Israèl sing ditujokké ing panggonan kuwi; supaya ya gelem ngrungokké sangka panggonan griya Panjenengan, sangka swarga; Yèn Panjenengan ngrungokké, supaya Panjenengan ya gelem ngekèki ngapura.
22
Yèn ana wong sing kesalahan marang kantyané, nanging terus diwajipké supaya nyepatani awaké déwé, lan terus sumpah ing ngarepé mesbèh Panjenengan ing griya kuwi,
23
Panjenengan supaya gelem ngrungokké sangka swarga lan gelem nindakké ngadili para abdi Panjenengan, ya kuwi ngekèki piwales marang penggawéané wong sing kesalahan karo tyara nanggungké kesalahané mau marang wong kuwi déwé, nanging mbenerké wong sing bener karo tyara nindakké marang wong kuwi, sing tyotyok karo penggawéané sing bener mau.
24
Yèn umat Panjenengan dikalahké karo mungsuh-mungsuhé awit dosa marang Panjenengan, nanging ing entèk-entèkké terus mratobat lan ngakoni asma Panjenengan, lan ndedonga lan nyenyuwun ing ngarepé Panjenengan ing griya iki,
25
Panjenengan supaya gelem ngrungokké sangka swarga lan gelem ngapura dosané umat Panjenengan Israèl lan supaya gelem mbalèkké ing negara sing wis Panjenengan kèkké marang umat Panjenengan kuwi lan marang para leluhur.
26
Yèn langit ketutup nganti ora ana udan, awit wong-wong pada nggawé dosa marang Panjenengan, nanging terus pada ndedonga ing panggonan iki lan ngakoni marang asma Panjenengan lan ninggalké dosané, awit wis pada Panjenengan tindes,
27
Panjenengan supaya gelem ngrungokké sangka swarga lan gelem ngapura dosané para abdi Panjenengan iki, ya umat Panjenengan Israèl kuwi, awit ya Panjenengan sing nduduhké marang wong-wong kuwi dalan sing apik, sing kudu diliwati, uga supaya Panjenengan gelem ngekèki udan marang lemah Panjenengan sing wis Panjenengan kèkké marang umat Panjenengan dadi tanah panduman kuwi.
28
Yèn ing negara iki ana pailan, yèn ana lara pès, ama, ama lodoh, ama walang srakah, yèn pada digawé susah karo mungsuh ing salah sijiné kutané, yèn ana bebendu utawa lelara apa waé,
29
terus ana wong utawa umat Panjenengan Israèl kabèh ngunggahké pandonga lan penjaluk ing griya iki karo ngumbulké tangané, awit siji-sijiné weruh marang bebenduné lan kasangsarané piyambak,
30
Panjenengan supaya gelem ngrungokké sangka swarga, panggonan omah Panjenengan sing tetep, uga Panjenengan supaya gelem ngekèki ngapura lan gelem ngekèki mbales marang saben wong miturut ing sak kabèhé penggawéané, awit Panjenengan weruh atiné, awit mung Panjenengan sing weruh atiné para anak-anaké manungsa,
31
supaya wong-wong iki pada wedi marang Panjenengan lan terus pada mlaku ing sak kabèhé dalan pinuntun Panjenengan ing sak lawasé urip ing negara sing wis Panjenengan kèkké marang para mbah kula.
32
Uga yèn ana wong mantya, sing ora kepitung umat Panjenengan Israèl, sing teka sangka negara adoh awit sangka asma Panjenengan sing luhur, tangan Panjenengan sing rosa lan lengen Panjenengan sing diatyungké, nanging wong iki banjur ndedonga ing griya Panjenengan,
33
Panjenengan supaya ya gelem ngrungokké sangka swarga, sangka panggonan griya Panjenengan sing tetep, uga supaya gelem nandangi sing tyotyok karo sak kabèhé sambaté wong mantya iki marang Panjenengan, supaya kabèh bangsa ing bumi pada ngerti marang asma Panjenengan, terus pada wedi marang Panjenengan kaya umat Panjenengan Israèl, lan pada ngerti, yèn asma Panjenengan wis disebut ing griya sing wis kula dekké iki.
34
Yèn umat Panjenengan ngluruk perang nglawan mungsuh-mungsuhé, menyanga ngendi waé enggèn Panjenengan ngongkon mlaku, lan yèn pada ndedonga marang Panjenengan karo madep marang kuta sing wis Panjenengan pilih kuwi, lan marang griya sing wis kula dekké kanggo asma Panjenengan iki,
35
supaya Panjenengan gelem ngrungokké pandonga lan penjaluké sangka swarga, uga Panjenengan supaya gelem ngekèki keadilan marang wong-wong mau.
36
Yèn pada nggawé dosa marang Panjenengan, awit ora ana manungsa sing ora nduwé dosa lan Panjenengan terus nesu marang wong-wong kuwi, pada Panjenengan pasrahké marang mungsuh, banjur diukum lan diboyong nang negara sing adoh utawa sing tyedak,
37
Yèn menawa ing negara pemboyongan terus pada krasa ing njeruhné batin terus pada tyerita: kula wis pada nggawé dosa, pada kesalahan lan nandangi ala,
38
yèn banjur pada mratobat marang Panjenengan karo sak kabèhé ati lan karo sak kabèhé nyawané ing negarané wong sing pada nyekel lan mboyong, lan pada ndedonga marang Panjenengan karo madep marang negarané sing wis Panjenengan kèkké marang para leluhur, marang kuta sing wis Panjenengan pilih lan marang omah, sing wis kula dekké kanggo asma Panjenengan iki,
39
Panjenengan supaya gelem ngrungokké sangka swarga, sangka panggonané griya Panjenengan sing tetep marang pandonga lan kabèh penjaluké lan Panjenengan supaya gelem ngekèki keadilan marang wong-wong iki lan gelem ngekèki ngapura marang umat Panjenengan sing wis nggawé dosa marang Panjenengan kuwi.
40
Awit sangka kuwi, duh Gusti Allah kula, mripat Panjenengan supaya weruh lan kuping Panjenengan supaya ngrungokna marang pandonga sing ditujokké ing panggonan iki.
41
Malah saiki, duh GUSTI, Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem ngadek lan lungaa menyang panggonan kanggo mandeké Panjenengan, Panjenengan karo petiné karosan Panjenengan. Supaya para imam Panjenengan, duh GUSTI, Gusti Allah, pada disandangi karo katentreman, lan para wong sing Panjenengan trésnani pada bungah-bungah awit sangka kabetyikan Panjenengan.
42
Duh GUSTI, Gusti Allah, Panjenengan supaya aja nganti nampik marang sing wis Panjenengan jebatani, Panjenengan supaya gelem éling marang kabèh kawelasan Panjenengan marang Daved, abdi Panjenengan.”
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36