bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
2 Chronicles 4
2 Chronicles 4
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 5 →
1
Ratu terus nggawé mesbèh tembaga sing dawané rong puluh éluh, ambané rong puluh éluh, lan duwuré sepuluh éluh.
2
Sakwisé kuwi terus nggawé segara-segaraan tyitakan jembaré sangka pinggir tekan pinggir sepuluh éluh, modèlé bunder mubeng, njeruhné limang éluh, mubengé yèn diukur nganggo tali ana telung puluh éluh.
3
Ing pinggiré sisih ngisor ana gambaré sapi-sapi ing sak ubengé nganti kemput, saben sak éluh sepuluh, nganti sak kemputé segara-segaraan kuwi; sapiné jèjèr loro, dityitak dadi siji karo wadahé.
4
Segara-segaraan mau temumpang ing sapi rolas, telu madep ngalor, telu madep ngulon, telu madep ngidul lan telu madep ngétan; segara-segaraan kuwi temumpang ing duwuré, nanging buntuté ing njeruh.
5
Segara-segaraan mau kandelé sak èpèk-èpèk, nanging lambéné digawé kaya lambéné tuwung, kaya kembang bakung sing mekar. Segara-segaraan kuwi bisa isi banyu 3000 bat.
6
Lan menèh terus nggawé jambangan sepuluh, sing lima dipernahaké ing sisih tengen lan sing lima ing sisih kiwa, kuwi kanggo ngumbahi; apa sing kanggo kurban obongan kuwi dikumbah ing kono, nanging segara-segaraan mau kanggo para imam digawé nyutyèkké.
7
Ratu terus nggawé dimar emas sepuluh miturut rantyamané, kuwi disèlèhké ing panggonan sutyi, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.
8
Sak terusé nggawé méja sepuluh sing didèkèkké ing panggonan sutyi, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa; terus uga nggawé bokor emas 100 kanggo nyirami.
9
Terus uga nggawé lataré para imam lan plataran amba, uga lawang-lawangé plataran kuwi; lawang-lawang mau dilapis tembaga.
10
Segara-segaraané didèkèkké ing sisih tengen ing kidul wétan.
11
Huram ya nggawé kwali, susuk lan bokor-bokor kanggo nyirami. Mengkono Huram enggoné ngrampungké penggawéan sing kudu ditindakké awit sangka préntahé Salomo kanggo griyané Gusti Allah,
12
ya kuwi: tugu loro karo gerbél blendukan loro sing temumpang ing duwuré tugu mau, nam-naman loro sing ngrudungi gerbél blendukan loro kuwi;
13
uga gambaran mulwa 400 kanggo nam-naman loro mau, mulwa rong larik kanggo siji-sijiné nam-naman sing digawé ngrudungi gerbél blendukan loro ing nduwuré tugu mau.
14
Uga wis nggawé kréta-krétaan sing nyangga lan jambangan-jambangan sing temumpang ing nduwuré kréta-krétaan kuwi.
15
Segara-segaraan sing siji lan sapi rolas ing ngisoré.
16
Kwali-kwali, susuk-susuk, porok-porok lan sakkèhé piranti liyané sing digawé karo Huram-Abi awit sangka préntahé Salomo kanggo griyané GUSTI kuwi bakalé tembaga dimelingké.
17
Ratu enggoné ngongkon nyitaki kuwi ing legokan Yordan nganggo lempung, ing antarané Sukot lan Sereda.
18
Salomo enggoné nggawé piranti-piranti kuwi tyatyahé okèh banget, nganti boboté tembaga ora kena diitung.
19
Salomo uga nggawé sakkèhé piranti sing kanggo ing griyané Gusti Allah, ya kuwi mesbèh lan méja-méja kanggo ndèkèk roti kurban,
20
lan menèh dimar-dimar emas murni uga dimar-dimaré, sing bakal pada disumeti ing ngarepé kamar mburi miturut pernatan;
21
tiruan kembang, dimar-dimaré lan japit kabèh emas, sing digawé sangka emas murni;
22
lading-ladingé, bokor-bokoré kanggo nyirami, piring-piringé lan dupa-dupané sing digawé emas murni; uga lawangé sing nuju ing omah kuwi lan lawang-lawang ing sisih njeruh sing nuju ing omah Mahasutyi, lan lawang-lawang sing nuju ing omah gedé ing griya sutyi, kuwi kabèh sing digawé sangka emas murni.
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 5 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36