bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Hosea 12
Hosea 12
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 13 →
1
Aku wis dikepung Efraim karo goroh, lan ngapus karo turunané Israèl, nanging Yéhuda ngilang sangka tyedaké Gusti Allah, sangka sak tyedaké sing Mahasutyi sing setia.
2
Efraim kuwi njaga angin, lan nguber angin wétan sedina muput, ngakèhké tumindak goroh lan penggawé ala, pada nggawé perjanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang negara Egipte.
3
GUSTI bantahan karo Yéhuda, lan bakal ngukum Yakub miturut pertingkahé, lan bakal mbales sing pantes karo tindak-tanduké.
4
Ing wetengé Yakub ngapusi seduluré, lan bareng wis rosa gelut karo Gusti Allah.
5
Dèwèké gelut karo mulékat lan menang, karo nangis njaluk kawelasan marang Panjenengané. Ing Bétel ketemu karo Panjenengané, lan ing kono Panjenengané ngomongi mengkéné:
6
Ya iki GUSTI, Gusti Allahé sing ngwasani langit lan bumi, asmané GUSTI.
7
“Kowé kuwi kudu mratobat marang Gusti Allahmu, netepana katrésnan lan angger-angger, lan tansah ngarep-arepa marang Gusti Allahmu.”
8
Pada kaya pedagang Kanaan, sing nyekel timbangan sing goroh, lan sing seneng memeres.
9
Efraim ngomong: “Aku apa ora wis dadi sugih, wis olèh banda. Nanging sak kabèhé wohé kangèlanku ora ngetokké kesalahan sing tegesé dosaku.”
10
Nanging Aku iki GUSTI, Gusti Allahmu wiwit waktu kowé ing negara Egipte. Aku ijik gelem manggonké kowé ing tarup-tarup menèh kaya mbiyèn, kaya dina riyaya ing ara-ara samun.
11
Aku ngomongi para nabi, lan wis ngekèki wahyu bola-bali uga ngekèki semonan lantaran para nabi mau.
12
Yèn ing Giléad ana tindak dursila, wong-wong kuwi wis pada dadi tanpa guna; ing Gilgal pada pasrah kurban sapi-sapi lanang, mulané mesbèh-mesbèhé uga pada dadi kaya tumpukan watu ing singkalan-singkalané kebon.
13
Yakub mblayu menyang ing tanah Aram, Israèl kerja supaya olèh bojo, malah nganti dadi pangon supaya olèh bojo kuwi.
14
Lantaran nabi, GUSTI nuntun Israèl metu sangka negara Egipte, malah terus dirumati karo nabi.
15
Efraim wis nggawé nesuné atiné Gusti sing banget, nganti Gustiné bakal neruské enggoné ketèmplèkan utang getih, lan bakal ngekèki balesan kanggo tyiriné.
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14