bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Hosea 6
Hosea 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 7 →
1
“Hayuk pada bali mratobat marang GUSTI! Awit Panjenengané sing nyempal-nyempal, lan sing bakal maraské kita; Panjenengané sing nggebuki kita, lan ya sing bakal mblebet kita uga.
2
Sakwisé rong dina kita bakal diuripké menèh, ing dina kaping telu ditangèkké, dadi kita bakal urip ing ngarepé.
3
Mulané hayuk pada kenalan lan mbudidaya karo temen-temen supaya manut karo GUSTI, Panjenengané mesti bakal liwat kaya njedulé ésuk wétan; kita bakal diparani tyarané kaya udan, kaya udan ing pungkasané mangsa sing nelesi bumi.”
4
Hé, Efraim, apa sing bakal Tak tibakké marang kowé? Hé Yéhuda, kowé bakal Tak kapakké? Katrésnanmu kaya pedut ésuk, kaya ebun sing ésuk mruput ilang.
5
Mulané wis pada Tak remuk lantaran para nabi lan Tak patèni karo tembungé tutuk-Ku lan paukuman-Ku sing bener semlorot kaya pepadang.
6
Awit sing Tak senengi kuwi katrésnan duduk kurban sing dibelèh, lan aluwung milih manut marang Gusti Allah tenimbangané karo kurban obongan.
7
Nanging wong-wong kuwi wis nerak perjanjian kaya Adam, ing kono enggoné goroh marang Aku.
8
Giléad kuwi kutané para tumindak ala, kebak tilas-tilas getih.
9
Kumpulané para imam kuwi kaya grombolan bégal sing ngadang memangsané, pada matèni ing dalan sing nuju ing Sikem, sejatiné, tumindak sing ala sing dilakoni.
10
Ing antarané turunané Israèl Aku ngerti pokal-gawé sing medèni; ing kono Efraim pada laku bédang lan Israèl wis najisaké awaké déwé.
11
Hé Yéhuda, uga kowé wis ditetepaké waktu panèn, paukumanmu: Yèn kahanané umat-Ku wis Tak balèkké.
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14