bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Joshua 12
Joshua 12
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 13 →
1
Iki jenengé para ratu ing negara sing dikalaké karo wong Israèl lan sing direbut negarané ing sabrangé laut Yordan sisih wétan, wiwit ing kali Arnon tekan ing gunung Hèrmon lan sak kabèhé Araba-Yordan sak ngétan.
2
Sihon, ratuné wong Amori, sing manggon ing kuta Hèsbon, pangwasané wiwit ing Aroèr ing pinggir kali Arnon, ing separoné kali kuwi, ditambahké separoné negara Giléad, tekan ing kali Yabok, watesé bawah turunané Amon,
3
lan sing uga Araba-Yordan tekan ing sisih wétané jèjèr Kinerot, lan tekan ing sisih wétané segara Araba, ya kuwi segara Asin, ing peneré Bèt-Yésimot, lan ing sisih kidul nganti tekan ing ngisoré pèrèngané gunung Pisga.
4
Terus panggonané Og, ratu ing Basan, tunggalé wong Réfaim, ratu iki manggon ing Astarot lan ing Edrèi,
5
sing ngwasani ing gunung Hèrmon, ing Salka lan ing sak tanah Basan kabèh tekan ing bawah wong Gesur lan wong Maaka, uga separoné negara Giléad tekan ing panggonané Sihon, ratu ing Hèsbon.
6
Kuwi wis pada dikalaké Moses, abdiné GUSTI, karo wong Israèl, lan negara kuwi terus dikèkké karo Moses, abdiné GUSTI marang wong Rubèn lan wong Gad lan separo taler Manasé dadi duwèké.
7
Iki bab para ratuné negara sing pada dikalaké karo Yosua lan wong Israèl ing kuloné laut Yordan, wiwit ing Baal-Gad ing legokané gunung Libanon tekan ing pegunungan Gundul, sing munggah ing peneré Seir, negara iki dikèkké Yosua marang para taleré Israèl kanggo duwèké miturut pandumané déwé-déwé.
8
Ing Pegunungan, ing Bawah Pegunungan, nang Araba-Yordan, ing pèrèngané gunung, ing ara-ara samun lan ing negara Negeb, ya kuwi ing negarané wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Fèris, wong Hèwi lan wong Yébus.
9
Ratu ing kuta Yériko siji, ratu ing kuta Ai, sing sandingé ing Bétel siji,
10
ratu ing Yérusalèm siji, ratu ing kuta Hébron siji,
11
ratu ing kuta Yarmut siji, ratu ing kuta Lakis siji,
12
ratu ing kuta Eglon siji, ratu ing kuta Geser siji,
13
ratu ing kuta Debir siji, ratu ing kuta Geder siji,
14
ratu ing kuta Horma siji, ratu ing kuta Arad siji,
15
ratu ing kuta Libna siji, ratu ing kuta Adulam siji,
16
ratu ing kuta Makéda siji, ratu ing kuta Bétel siji,
17
ratu ing kuta Tapuah siji, ratu ing kuta Hèfèr siji,
18
ratu ing kuta Afèk siji, ratu ing kuta Lasaron siji,
19
ratu ing kuta Madon siji, ratu ing kuta Hasor siji,
20
ratu ing kuta Simron Meron siji, ratu ing kuta Aksaf siji,
21
ratu ing kuta Taanak siji, ratu ing kuta Megido siji,
22
ratu ing kuta Kèdès siji, ratu ing kuta Yoknéam ing sak tyedaké gunung Karmèl siji,
23
ratu ing kuta Dor, ing tanah pegunungan Dor siji, ratu ing kuta Goyim, ing Gilgal siji,
24
ratu ing kuta Tirsa siji; dadi tyatyahé para ratu mau kabèh telung puluh siji.
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24