bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Joshua 15
Joshua 15
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 14
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 16 →
1
Sing dadi pandumané karo dilotré kanggo taler Yéhuda miturut turunané kuwi nganti tekan ing tapel watesé negara Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Sin ing pojok siji kidul,
2
watesé sing kidul kuwi wiwit sangka pojokané segara Asin, sangka lekukan sing madep ngidul,
3
terus ngliwati sisih kidulé unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Sin, terus munggah menyang ing sisih kidulé Kadès-Barnéa, terus menyang ing Hèsron, terus munggah menyang ing Adar, ménggok menyang ing Karka,
4
terus menyang ing Asmon lan metu ing kaliné negara Egipte, pungkasané mandek ing segara ya kuwi sing dadi watesmu sisih kidul.
5
Watesé sisih wétan telaga Asin tekan ing putyuké laut Yordan, watesé sisih lor kuwi wiwit ing lekukan ing putyuké laut Yordan mau.
6
Terus munggah tekan ing Bèt-Hokla terus ngliwati sisih loré Bèt-Araba, munggah menèh tekan ing watu Bohan, anaké Rubèn.
7
Sak terusé wates kuwi munggah sangka legokan Akor marang ing Debir, ménggok ngalor nuju ing Gilgal, ing peneré unggah-unggahan ing Adumim, sak kidulé kali, terus menyang ing sumber En-Sémes lan metu nuju ing sumber En-Rogèl.
8
Sangka kono wates kuwi munggah metu ing Panggonan Ben-Hinom, nurut ing pèrèng-pèrèng gunung Yébus sisih kidul, ya kuwi ing Yérusalèm, terus munggah menèh tekan ing putyuké gunung-gunung ing ngarepé legokan Hinom ing sisih kulon, ing pungkasané legokan wong Efraim, sing sisih lor.
9
Sangka putyuké gunung-gunung mau watesé ménggok menyang ing sumber Me-Nèftoah lan terus tekan ing kuta-kutané pegunungan Efron, sangka kono ménggok menyang ing Baala, ya kuwi ing Kiryat-Yearim.
10
Wates kuwi terus ménggok sangka Baala mengulon nuju ing pegunungan Seir, terus ngalor menyang ing pèrèng-pèrèng gunung Yearim, ya kuwi ing Kesalon, medun menyang Bèt-Sémes, terus menyang ing Timna.
11
Wates mau terus ngalor menyang ing pèrèng-pèrèng gunung Ekron, terus ménggok menyang ing Sikron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sak tyedaké Yabneèl, banjur wates mau tekan ing segara.
12
Kanggo wates kulon ya kuwi segara Gedé lan pinggiré segara. Kuwi mau tapel watesé panggonané wong turunané Yéhuda ing sak ubengé miturut turunané déwé-déwé.
13
Nanging Kalèb anaké Yéfuné kuwi dikèki karo Yosua panduman ing tengahé turunané Yéhuda, ya kuwi Kiryat-Arba, netepi préntahé GUSTI marang Yosua; Arba kuwi bapaké wong Enak, ya kuwi Hébron.
14
Lan Kalèb nundungi wong-wong Enak telu sangka kono ya kuwi: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anaké wong Enak.
15
Sangka kono Kalèb terus ngluruk bangsa Debir. Jenengé Debir kuwi mbiyèn Kiryat-Sefer.
16
Kalèb terus ngomong mengkéné: “Sapa sing nggempur kuta Kiryat-Sefer nganti bisa bedah, bakal tak pèk mantu tak olèhké anakku wadon Aksa.”
17
Kuta mau terus dibedah karo Otnièl, anaké Kénas, seduluré Kalèb, mulané Kalèb terus ngekèkké Aksa, anaké wadon, marang dèkné dadi bojoné.
18
Bareng Aksa mau wis teka, sing lanang terus ojok-ojoki supaya njaluk kebon marang bapaké. Aksa terus medun sangka kimaré, Kalèb takon: “Ana apa?”
19
Semauré Aksa: “Kula njaluk dikèki berkah; kula wis sampéyan kèki lemah bongkor, njaluk dikèki sumber uga.” Terus dikèki sumber ing pegunungan lan ing legokan.
20
Iki tanah pandumané taler Yéhuda miturut turunané.
21
Kuta-kutané turunané Yéhuda ing pojok déwé, ing sak tyedaké pinggiré negara Edom, ing negara Negeb, ya kuwi: Kabseel, Eder, Yagur,
22
Jaman, Dimona, Adada,
23
Kèdès, Hasor, Yitnan,
24
Sif, Telem, Bealot,
25
Hasor-Hadata, Kériot-Hézron, ya kuwi Hasor,
26
Aman, Sema, Molada,
27
Hasar-Gada, Hèsmon, Bèt-Pèlèt,
28
Hasar-Sual, Bèrsyéba lan sakèhé kuta pangwasané,
29
Baala, Iyim, Ezem,
30
Eltolat, Kesil, Horma,
31
Siklag, Madmana, Sansana,
32
Lebaot, Silhim, Ain lan Rimon, gunggungé kuta sanga likur karo désa-désané.
33
Sing ana bawah Pegunungan ya kuwi: Esytaol, Sora, Asna,
34
Sanoah, En-Genim, Tapuah, Enam,
35
Yarmut, Adulam, Sokho, Azéka,
36
Saaraim, Aditaim, Gedera lan Gederotaim: kuta patbelas karo désa-désané.
37
Sénan, Hadasa, Mogdal-Gad,
38
Diléan, Mispa, Yokteel,
39
Lakis, Boskat, Eglon,
40
Kabon, Lahmas, Kitlis,
41
Gedérot, Bèt-Dagon, Naama lan Makéda: kuta nembelas karo désa-désané.
42
Libna, Eter, Asan,
43
Yiftah, Asna, Nesib,
44
Kéhila, Aksib lan Maresa, kuta sanga lan désa-désané.
45
Ekron lan sakkèhé kuta lan désa pangwasané.
46
Wiwit sangka Ekron nganti tekan ing segara, sakkèhé panggonan sandingé Asdod lan désa-désané;
47
Asdod karo sakkèhé kuta lan désa-désané pangwasané, Gaza karo sakkèhé kuta lan désa pangwasané, nganti tekan ing kali ing negara Egipte, ing segara Gedé lan pinggiré segara.
48
Anamanèh ing pegunungan, ya kuwi: Samir, Yatir, Sokho,
49
Dana, Kiryat-Sana, ya kuwi Debir,
50
Anab, Estemo, Anim,
51
Gosèn, Holon, lan Gilo: kuta sewelas karo désa-désané pangwasané;
52
Araba, Duma, lan Esan,
53
Yanum, Bèt-Tapuah, Aféka,
54
Hutma, Kiryat-Arba, ya kuwi Hébron, lan Sior, kuta sanga karo désa-désané.
55
Maon, Karmèl, Sif, Yuta,
56
Yisreèl, Yokdeam, Sanoah,
57
Kain, Gibéa, lan Timna, kuta sepuluh karo désa-désané pangwasané.
58
Halul, Bèt-Sur, Gedor,
59
Maarat, Bèt-Anot, lan Eltekon, kuta nem karo désa-désané pangwasané.
60
Kiryat-Baal, ya kuwi Kiryat-Yearim, lan Raba, kuta loro karo désa-désa pangwasané.
61
Sing ing ara-ara samun: Bèt-Araba, Midian, Sekaka,
62
Nibsan, kuta Uyah lan En-Gedi: kuta nem karo désa-désané pangwasané.
63
Nanging wong Yébus sing pada manggon ing Yérusalèm ora bisa pada ditundung, dadiné wong Yébus mau pada manggon tyampur karo turunané Yéhuda ing Yérusalèm nganti sepréné.
← Chapter 14
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 16 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24