bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Joshua 18
Joshua 18
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 19 →
1
Wong Israèl sak umat kabèh terus pada nglumpuk ing Silo lan ngedekké Tarup Kumpulan ing kono, awit negara kuwi wis dikalahké.
2
Ing waktu semono ing antarané bangsa Israèl ijik ana pitung taler sing durung olèh panduman tanah panduman.
3
Yosua terus ngomong marang bangsa Israèl: “Pira lawasé enggonmu pada énak-énak lan ora tandang ngenggoni negara pawèhé GUSTI, Gusti Allahé leluhurmu?
4
Pada ngejokna wong telu sangka saben taler, kuwi bakal pada tak omongi lan tata-tata arep tak utus ndlajahi negara kuwi, lan nyateti kahanané miturut pandumané, terus bali mréné.
5
Sakwisé kuwi tanahé edumen dadi pitung panduman. Taleré Yéhuda tetepana ing panggonané sing kidul lan turunané Yosèf ya tetepana ing panggonané sing lor.
6
Kowé pada nyatetana kahanané negara kuwi dadi pitung panduman, tyatetané kuwi terus gawanen mréné, terus aku bakal nguntyalké lotré kanggo kowé ing kéné ing ngarepé GUSTI, Gusti Allah kita.
7
Awit wong Lévi pada ora olèh panduman ing tengahmu, awit kalungguhané dadi imamé GUSTI sing dadi pandumané lan kanggo Gad lan Rubèn uga separo taler Manasé kuwi wis pada nampani tanah panduman ing sabrangé laut Yordan ing sisih wétan, sing dikèkké karo Moses, abdiné GUSTI.”
8
Wong mau terus pada tata-tataa lan terus budal. Lungané mau karo nyateti kahanané negara kuwi kaya welingé Yosua, sing mengkéné: “Pada lungaa, negara kuwi dlajahana lan tyatetana kahanané, terus pada balia mréné terus aku bakal nguntyalké lotré kanggo kowé ing ngarepé GUSTI ing Silo kéné.”
9
Wong-wong mau terus pada budal ndlajahi negara kuwi, lan nyateti kahanané dadi pitung panduman, kuta siji lan sijiné kabèh didaftar, terus pada bali menyang ing ngarepé Yosua ing tarupé ing Silo.
10
Yosua terus nguntyalké lotré kanggo wong-wong mau ing Silo ing ngarepé GUSTI, lan negarané didum-dumké Yosua kanggo Israèl ing kono miturut pandumané déwé-déwé.
11
Taleré Bényamin kuwi ketiban lotré miturut turunané, nanging panggonané panduman sing dilotrèkké kuwi pernahé ing antarané turunané Yéhuda lan turunané Yosèf.
12
Wates ing sisih lor wiwit ing laut Yordan, terus munggah ing pèrèng-pèrèng gunung sak loré Yériko, munggah mengulon menyang ing pegunungan lan nuju menyang ing ara-ara samun Bèt-Awèn.
13
Sangka kono watesé terus menyang ing Lus, ngidul, nuju ing pèrèng-pèrèng gunung ing sak tyedaké Lus, ya kuwi ing Bétel; terus watesé medun menyang ing Atarot ing pegunungan ing sak kidulé Bèt-Horon ing legokan.
14
Wates mau terus mlengkung, terus ménggok sangka pegunungan ing sisih sabrangé Bèt-Horon ing sisih kidul terus ménggok ngidul, ngulon tekan ing Kiryat-Baal, ya kuwi ing Kiryat-Yearim, kuta duwèké turunané Yéhuda. Kuwi sing sisih kulon.
15
Nanging sisihé sing kidul kuwi wiwit sangka pungkasané Kiryat-Yearim,
16
terus mengulon, lan nuju menyang sumber Me-Nèftoah. Watesé kuwi terus medun tekan ing pungkasané pegunungan ing ngarepé legokan Ben-Hinom, ing sak loré legokan wong Réfaim, terus medun menyang legokan Hinom, ing sak uruté pèrèng-pèrèng gunung Yébus, ngidul, terus medun menèh menyang ing sumber En-Rogèl.
17
Terus nekuk ngalor nuju En-Sémes, terus menyang Gelilot, ing sisih unggah-unggahan ing Adumim, terus medun menyang ing watu Bohan anaké Rubèn,
18
terus menyang pèrèng-pèrèng gunung ing sisih Bèt-Araba ngalor, terus medun menyang ing Araba-Yordan.
19
Watesé terus metu ing pèrèng-pèrèng gunung sak tyedaké Bèt-Hokla mengalor, lan tekan ing lekukané segara Asin sisih lor, ing putyuké laut Yordan sisih kidul, kuwi watesé sing kidul.
20
Nanging laut Yordan kuwi sing dadi watesé ing sisih wétan, ya kuwi sing dadi tanah pandumané turunané Bényamin miturut turunané karo wates-watesé mubeng.
21
Kanggo kuta-kutané taler turunané Bényamin miturut turunané ya kuwi: Yériko, Bèt-Hokla, Emek-Kesis,
22
Bèt-Araba, Semaraim, Bétel,
23
Haawim, Para, Ofra,
24
Kefar-Haamonai, Ofni lan Géba; kuta rolas karo désa-désané.
25
Gibéon, Rama, Beerot,
26
Mispa, Kéfira, Mosa,
27
Rekem, Yirpeel, Tarala,
28
Séla, Elef lan Yébus, ya kuwi Yérusalèm, Gibeat lan Kiryat; kuta patbelas karo désa-désané. Kuwi mau tanah pandumané turunané Bényamin miturut turunané.
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24