bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Joshua 20
Joshua 20
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 21 →
1
Gusti Allah terus ngomong marang Yosua,
2
“Kowé ngomonga marang wong Israèl mengkéné: Padaa netepaké kuta pangungsèn sing wis Tak omongké marang kowé lantaran Moses,
3
supaya dadia panggonan pangungsèn kanggo wong sing nggawé pati ora karo disengaja, ya ora dirantyam sak durungé, pada dadia pangungsèné ing ngarepé wong sing arep mbales pati.
4
Yèn wong mau mblayu menyang ing salah sakwijiné kuta mau, terus ngadeka ing ngarepé gapurané kuta, ngomonga perkarané marang pinituwané kuta kuwi; pinituwané kudu gelem nampani wong mau ing kuta kono lan ngekèki panggonan sing kena dienggoni ing sak tengahé.
5
Nanging yèn diuyak wong sing arep njaluk supaya mbales pati mau, wong sing nggawé pati mau aja dipasrahké ing tangané, awit enggoné matèni sak pepadané kuwi ora karo dirantyam sak durungé lan ora sengit ing sak durungé.
6
Nanging wong kuwi terus manggona ing kuta kono, nganti tekan ing waktuné dipasrahké marang ing pengadilané pasamuan supaya diadili perkarané, nganti tekan ing matiné imam gedé sing ngadek ing waktu semono; sakwisé mengkono sing nggawé pati mau terus kena mulih menyang ing kutané lan menyang ing omahé, ya kuwi menyang ing kuta, waktu wong mau mlayu.”
7
Wong Israèl terus nyutyèkké kuta-kuta sing didadèkké kuta pangungsèn, ya kuwi: Kadèsy, ing tanah Galiléa, ing pegunungan Naftali, lan Sikem, ing pegunungan Efraim, lan Kiryat-Arba ya kuwi Hébron, ing pegunungan Yéhuda.
8
Uga ing sabrangé laut Yordan, ing wétané kuta Yériko sing dipilih: Bèzèr ing ara-ara samun ing tanah rata ing pegunungan, sangka taler Rubèn; terus Ramot, ing tanah Giléad, sangka taler Gad; lan Golan ing tanah Basan, sangka taler Manasé.
9
Ya kuwi kuta-kuta sing ditetepaké kanggo wong Israèl kabèh lan kanggo para wong mantya ing tengahmu, supaya kenaa kanggo ngungsi sapa waé wongmu sing nggawé pati karo ora disengaja, aja nganti dipatèni sing arep njaluk mbales pati, sak durungé wong mau dipasrahké marang ing pengadilané pasamuan.
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 21 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24