bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Joshua 19
Joshua 19
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 20 →
1
Lotréan sing kaping pindo tiba marang taler Siméon, ya kuwi taler turunané Siméon miturut turunané, tanah pandumané peneré ing tengah-tengahé tanah pandumané turunané Yéhuda.
2
Nanging sing dadi duwèké ya kuwi: Bèrsyéba, Syéba, Molada,
3
Hasar-Sual, Bala, Ezem,
4
Eltolat, Betul, Horma,
5
Siklag, Bèt-Hamarkabot, Hasar-Susa,
6
Bèt-Lebaot lan Saruken, kuta telulas lan désa-désané,
7
Ain, Rimon, Eter, lan Asan, kuta papat lan désa-désané,
8
uga kabèh désa ing sak ubengé kuta kuwi mau tekan ing Baalat-Béér, ya kuwi Rama, ing tanah Kidul. Kuwi tanah pandumané taler turunané Siméon, miturut turunané.
9
Tanah pandumané turunané Siméon kuwi dijukuk sangka pandumané turunané Yéhuda, awit tanah pandumané turunané Yéhuda kakèhan, mulané turunané Siméon pada olèh tanah panduman ing sak tengahé tanah pandumané Yéhuda.
10
Lotréan sing kaping telu kuwi tiba marang turunané Sébulon miturut turunané; watesé tanah pandumané kuwi tekan ing Sarid.
11
Watesé terus mengulon munggah menyang ing Marala, tekan ing Dabeset, lan terus tekan kali sing mili ngliwati Yoknéam.
12
Sangka Sarid watesé mau ménggok mengétan nuju njedulé srengéngé, ngliwati bawah Kislot-Tabor, nuju ing Dobrat, terus munggah menyang ing Yafia.
13
Sangka kono terus mengétan nuju njedulé srengéngé, menyang ing Gat-Hèfèr, menyang ing Et-Kasim, nuju ing Rimon lan ménggok menyang ing Nea.
14
Watesé terus ménggok ngubengi kuta kuwi ing sak loré Hanaton lan tekan ing panggonan El.
15
Terus Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Bètléhèm; kuta rolas karo désa-désané.
16
Ya kuwi tanah pandumané wong turunané Sébulon miturut turunané, ya kuwi kuta-kutané mau karo désa-désané.
17
Lotréan sing kaping papat kuwi tiba marang taler Isakar, ya kuwi marang turunané Isakar miturut turunané.
18
Sing dadi panggonané ya kuwi: Yisreèl, Kesulot, Sunem,
19
Hafaraim, Sion, Anakarat,
20
Rabit, Kisyon, Ebes,
21
Remet, En-Genim, En-hada, lan Bèt-Pases.
22
Watesé tekan ing Tabor, Sahasina, lan Bèt-Sémes, nanging watesé tekan ing laut Yordan: gunggungé kuta nembelas lan désa-désané.
23
Ya kuwi tanah pandumané taler turunané Isakar miturut turunané, ya kuta-kuta mau karo désa-désané.
24
Lotréan sing kaping lima kuwi tiba marang taler turunané Asyèra miturut turunané.
25
Sing dadi panggonané ya kuwi: Helkat, Hali, Beten, Aksaf,
26
Alamèlèk, Amad lan Misal, lan watesé tekan ing gunung Karmèl lan ing kali Libnat ing sisih kulon.
27
Terus ménggok nuju njedulé srengéngé menyang ing Bèt-Dagon; tekan bawah Sébulon lan ing panggonan Yiftah-El ing sisih lor, Bèt-èmèk lan Néhièl, lan nuju ing Kabul ing sisih lor.
28
Terus menyang ing Ebron, Réhob, Hamon lan Kana nganti tekan ing Sidon Gedé.
29
Wates kuwi terus mlebu menyang ing Rama lan tekan ing kuta pager watu tirus, watesé terus mlebu menèh menyang Hosa, lan tekan ing segara; uga Hebel, Aksib,
30
Uma, Afèk lan Réhob kuta rolikur karo désa-désané.
31
Ya kuwi tanah pandumané taler turunané Asyèra miturut turunané, ya kuta-kuta mau karo désa-désané.
32
Lotréan sing kaping enem kuwi tiba marang turunané Naftali, ya kuwi marang turunané Naftali miturut turunané.
33
Panggonané wiwit ing Hèlef, sangka wit kayu élon ing Saananim, Adami-Nekeb lan Yabneèl sangka Lakum, lan tekan ing laut Yordan.
34
Watesé terus bali mengulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, tekan ing panggonané Sébulon sisih kidul, tekan panggonané Asyèr, sisih kulon lan tekan bawah Yéhuda ing laut Yordan, njedulé srengéngé.
35
Kuta-kutané pager watu ya kuwi: Sidim, Ser, Hamat, Rakat, Kineret.
36
Adama, Rama, Hasor,
37
Kèdès, Edrèi, En-Hasor,
38
Yiron, Migdal-El, Horem, Bèt-Anat, lan Bèt-Sémes, kuta songolas karo désa-désané.
39
Kuwi tanah pandumané taler turunané Naftali miturut turunané, ya kuta-kuta kuwi karo désa-désané.
40
Lotréan sing kaping pitu kuwi tiba marang taler turunané Dan miturut turunané.
41
Sing dadi tanah pandumané ya kuwi: Sora, Esytaol, Ir-Sémes,
42
Saalabin, Ayalon, Yitla,
43
Elon, Timna, Ekron,
44
Elteke, Gibeton, Baalat,
45
Yéhud, Bene-berak, Gat-Rimon,
46
Me-Yarkon lan Rakon, karo panggonané ing sisih sabrangé Yafo.
47
Nanging awit panggonané turunané Dan kuwi rupek, turunané Dan terus pada ngluruk perang nglawan kuta Lesem; kuwi terus direbut, wong pada dientèkké karo landepé pedang, lan negarané terus direbut lan dienggoni; kuta Lesem mau terus diganti jeneng dadi Dan, miturut jeneng Dan taleré.
48
Kuwi mau tanah pandumané taler turunané Dan miturut turunané, ya kuta-kuta mau karo désa-désané.
49
Sakwisé wong Israèl rampung enggoné pada ngedum negara kuwi dadi tanah pandumané miturut panggonan-panggonané, wong Israèl terus pada ngekèki tanah panduman marang Yosua, anaké Nun ing sak tengahé.
50
Miturut préntahé GUSTI Yosua dikèki kuta sing dikarepké, ya kuwi: Timnat-Serah ing pegunungan Efraim; kuta kuwi terus dibangun lan dienggoni.
51
Kuwi mau tanah panduman sing pada didum-dumké karo tyara dilotré ing Silo karo imam Eléazar lan Yosua, anaké Nun lan para penggedéné taler ing ngarepé GUSTI, ing ngarepé lawang Tarup-kumpulan. Mengkono enggoné pada ngrampungké pandumané negara kuwi.
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 20 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24