bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 12
Proverbs 12
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 13 →
1
Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.
2
Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum.
3
Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane, nanging oyode wong bener ora owah gingsir.
4
Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.
5
Rancangane wong bener iku adil, nanging pangrantame wong duraka iku cidra.
6
Tembunge wong duraka iku ngajap getih, nanging tembunge wong temen iku mitulungi.
7
Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna, nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg.
8
Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene, nanging wong cidra iku karemehake.
9
Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe, katimbang karo wong kang kumaluhur-luhur, nanging kekurangan pangan.
10
Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya.
11
Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.
12
Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala, nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan.
13
Wong ala kejiret dening paneraking lambene, nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan.
14
Saben wong kawaregan kabecikan marga saka wohing tembunge, lan wong tampa wewales saka panggawene tangane.
15
Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik, nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana.
16
Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.
17
Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil, nanging seksi goroh nglairake kaculikan.
18
Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.
19
Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase, nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.
20
Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan, nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.
21
Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae, nanging wong duraka iku tansah sangsara.
22
Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge.
23
Wong kang wicaksana iku ndhelikake kawruhe, nanging atine wong bodho mamerake kabodhoane.
24
Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan.
25
Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.
26
Wong bener iku nemu papan panggonane, nanging dalane wong duraka nasarake awake dhewe.
27
Wong kesed ora bakal nyekel kang kaburu, nanging wong sregep bakal oleh barang kang pangaji.
28
Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati.
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31