bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 14
Proverbs 14
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 15 →
1
Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe, nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.
2
Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.
3
Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere, nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene.
4
Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum, nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.
5
Seksi kang setya iku ora goroh, nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.
6
Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh, nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh.
7
Ngedohana wong gemblung, marga lambene ora bakal nglairake kawasisan.
8
Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.
9
Wong bodho moyoki marang kurban panebuse, nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan.
10
Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe, dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.
11
Omahe wong duraka bakal sirna, nanging tarube wong jujur bakal mekar.
12
Ana dalan kang dikira lenceng dening wong, mangka wekasane anjog marang ing pati.
13
Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih, sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan.
14
Wong kang atine murtad, kawaregan dening lakune dhewe, dene wong becik dening sabarang kang diduweni.
15
Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.
16
Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.
17
Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi, nanging wong wicaksana iku sabar.
18
Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.
19
Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik, lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.
20
Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane, nanging wong sugih akeh mitrane.
21
Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.
22
Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.
23
Angger kangelan mesthi ana pituwase, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.
24
Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran, nanging wong gemblung iku mamerake bodhone.
25
Seksi kang setya mitulungi uripe, nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra.
26
Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.
27
Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip, temah wong ora kena ing jireting pati.
28
Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate, nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.
29
Wong kang sabar iku gedhe pangretene, nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.
30
Ati kang sareh iku nyegerake awak, nanging watak drengki iku ngroposake balung.
31
Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.
32
Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane, dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.
33
Kawicaksanan manggon ing atine wong kang mawa budi, nanging iku ora tinemu ana ing atine wong gemblung.
34
Kabeneran iku ngunggahake drajating bangsa, nanging dosa iku dadi cacading bangsa.
35
Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu, nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane.
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 15 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31