bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 31
Proverbs 31
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
1
Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa, kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane.
2
He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku, apa kang bakal daktuturake marang kowe?
3
Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon, mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu.
4
He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu, ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur, utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.
5
Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.
6
Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara, lan anggure marang wong kang prihatin;
7
iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane, lan ora kelingan marang kasusahane maneh.
8
Cangkemmu angapna kanggo wong bisu, lan kanggo wewenange wong kang nglayung.
9
Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil. Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange.
10
Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu? Dene ajine ngungkuli mutiara.
11
Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku, kang lanang ora tau kekurangan kauntungan.
12
Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe.
13
Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami, lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.
14
Kayadene prau-praune sudagar, nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.
15
Anggone tangi isih peteng, banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomah lan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon.
16
Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.
17
Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.
18
Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake, yen bengi damare ora mati.
19
Tangane ditumpangake ing jantra, drijine nyekel onthelane.
20
Tangane diulungake marang wong kang katindhes, ngulurake tangane marang wong mlarat.
21
Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju, marga wong saomah padha manganggo rangkep.
22
Gawe babut kanggo awake dhewe, pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.
23
Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.
24
Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol, sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.
25
Panganggone kekuwatan lan kaluhuran, tumrap dina buri mung gumuyu bae.
26
Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus.
27
Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate, lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.
28
Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu, dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:
29
Akeh wong wadon kang nindakake kautaman, nanging kowe ngungkuli iku kabeh.
30
Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.
31
Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31