bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 13
Proverbs 13
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 14 →
1
Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapakne nanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh.
2
Wong iku mesthi mangan kang becik saka tembunge, nanging karepe wong cidra iku awujud tindak panganiaya.
3
Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane, sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.
4
Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.
5
Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.
6
Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane, nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane.
7
Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa, ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.
8
Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong, nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.
9
Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar, nanging damare wong duraka bakal mati.
10
Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan, nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.
11
Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.
12
Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati, nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan.
13
Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate, nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.
14
Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip, ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.
15
Budi kang utama ngolehake sih, nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.
16
Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan, nanging wong bodho ngetokake bodhone.
17
Utusan kang duraka iku njalari cilaka, nanging duta kang setya nekakake kuwarasan.
18
Kamlaratan lan pamoyok iku bakal nempuh marang wong kang nglirwakake marang pamerdi, nanging sing sapa nampani pameleh iku kajen.
19
Pepenginan kang katutugan iku nyenengake ati, nanging wong gemblung ora gelem ninggal piala.
20
Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.
21
Wong dosa diburu ing bilai, nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane.
22
Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.
23
Tegale wong miskin metokake pangan akeh, nanging ana kang ilang marga ora ana kaadilan.
24
Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.
25
Wong bener mangan nganti wareg, nanging wetenge wong duraka ngrasakake kekurangan.
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31