bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 5
Proverbs 5
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 6 →
1
He anakku, nggatekna marang kawicaksananku, kupingmu tilingna marang kapinteran kang dakwulangake,
2
supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan, lan lambemu ngemota kawasisan.
3
Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu, lan cethake lunyu ngungkuli lenga;
4
nanging wekasane pait kaya rempelu, lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,
5
tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati.
6
Lakune ora metu ing dalaning urip, lakune nasar ora kanthi disumurupi.
7
Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku, aja nyimpang saka pituture cangkemku.
8
Lakumu ngedohana wong wadon mau, lan aja nyedhaki lawanging omahe,
9
supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya, lan umurmu marang kang ambek siya;
10
supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu, lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,
11
lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat, yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;
12
sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh,
13
yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku, lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku?
14
Meh bae aku kejlungup ing sawernaning bilai ana ing satengahing pasamuwan lan pakumpulan.”
15
Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe, ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul.
16
Apa pantes manawa sumbermu luber kaya kalen-kalen menyang ing ara-ara.
17
Iku mung dadia duwekmu dhewe, aja nganti ana wong kang melu nduweni.
18
Sendhangmu muga diberkahana, bungaha karo somahmu jaka-lara.
19
Menjangan kang manis, kidang kang ayu muga susune iku tansah maremake kowe, muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.
20
He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?
21
Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.
22
Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe.
23
Wong iku mati, marga ora oleh pamerdi, lan kesasar marga saka bangeting bodhone.
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 6 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31