bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 18
Proverbs 18
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 19 →
1
Wong kang ndhewe, iku ngupaya pepenginane, saben panimbang njalari nepsune.
2
Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine.
3
Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake, sarta cacad iku dibarengi pamoyok.
4
Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.
5
Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.
6
Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.
7
Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme, sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.
8
Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang lumebu ing sajroning ati.
9
Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.
10
Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.
11
Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke, dirasa kaya balowarti kang dhuwur.
12
Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.
13
Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho sarta cacad.
14
Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara, nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati?
15
Atine wong pinter ngolehake kawasisan, lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.
16
Ganjaran ngomberake dalane wong, lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur.
17
Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener, nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.
18
Tibane undhi mungkasi pepadon, sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.
19
Sadulur kang diserikake atine, luwih angel dicedhaki katimbang karo nyedhaki kutha kang santosa, lan crah iku kayadene slaraking gapurane beteng.
20
Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme, lan diwaregi dening pametune lambene.
21
Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.
22
Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik, sarta oleh sihe Sang Yehuwah.
23
Wong miskin memelas celathune, nanging wong sugih songol wangsulane.
24
Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31