bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 22
Proverbs 22
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 23 →
1
Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.
2
Wong sugih lan wong mlarat padha papagan, sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.
3
Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.
4
Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.
5
Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika, sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau.
6
Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.
7
Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.
8
Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh, temah gitiking nepsune bakal lebur.
9
Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.
10
Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang, lan kang padha padu lan nacad padha leren.
11
Sing sapa seneng marang resiking ati, sarta manis wicarane, iku dadi mitraning ratu.
12
Tingale Sang Yehuwah ngreksa marang kawruh, nanging ujare wong cidra diwurungake.
13
Ujare wong kesed: “Ing njaba ana singa, aku arep dipateni ana ing tengah dalan.”
14
Ujare wong wadon tuna-susila iku luwangan kang jero, sing sapa kena bebendune Pangeran Yehuwah iku bakal kecemplung ing kono.
15
Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom, nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku.
16
Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.
17
Nilingna kupingmu, rungokna pituture para wong wicaksana, sarta gatekna sakehe kawruhku.
18
Marga manawa iku kokrawati ana ing sajroning ati bakal gawe senengmu, manawa kabeh iku cumawis ana ing lambemu.
19
Supaya kowe duwea pangandel marang Pangeran Yehuwah, saiki pitutur mau dakwulangake marang kowe, iya marang kowe dhewe.
20
Aku biyen rak wis nulis marang kowe, dakkantheni pitutur lan kawruh,
21
kanggo mulang marang kowe apa kang bener lan nyata, supaya kowe bisa mangsuli kanthi patitis marang kang ngongkon kowe.
22
Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.
23
Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane, sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane.
24
Aja memitran kawo wong bengis, lan aja srawungan karo wong brangasan,
25
supaya kowe aja nganti kulina marang pari-polahe, lan marang jiret kanggo awakmu dhewe.
26
Kowe aja nganti kegolong wong kang nganakake pasarujukan, lan kang nanggung utang.
27
Saupama kowe ora duwe kang kagawe nyaur, yagene nganti paturon kang kokturoni dijupuk?
28
Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas, kang wus ditetepake dening para leluhurmu.
29
Apa kowe wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawe? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu, ora ngawula marang wong kang asor.
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 23 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31